Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/138

Kaca iki wis divalidasi
Lurup Slambu Sus S. Hardjono

Awan panas ngenthang-enthang. Dhasare musim ketiga lagi wae anyak. Ora ana udan ora ana gludhug. Panase nggilani tenan. Kaya bledug iki ing terminal. Apa maneh dagangane Siti lan lapake cedhak karo pembangunan neng njero terminal. Kringete Siti dleweran, tangane ora leren nutupi lapak dagangan ing cedhak mudhune lan tekane penumpang. Mung lapak, dudu warung. Siti mung nggelar dagangan sega pecel tumpang, mi, bakwan, tempe, tahu, lan krupuk. Kadhang ya nganggo iwak lan endhog.

“Sega pecel lawuhe endhog dadar, Ti, siji wae karo es teh!” swara saka kondhektur bus sing njaluk diladeni pesen sega ngambyarke lamunane Siti. “Ti...Siti...! Awane puanase pol ngene lo, je isa-isane ngalamun. Ngalamunke sapa, Ti! Aku we­ruh bojomu mau mendem karo ledhek nang nggone Mbah Boto!”

“Luweh, Kang, aku wis ra nggagas. Ben sakjebole leh arep golek lonthe.” swarane Siti kemlanthang ana neng lapak gedheg njero terminal.

Mbah Boto iku sawijining panggonan kanggo pelacuran ing cedhak kene, sakjaneya wis ditutup pemkot, nanging isih padha ngeyel.

Siti wis suwe dadi bojone Sarman, mamake Turah. Sarman sakjane wis suwe dadi sopir, kadhang ya dadi sopir pocokan. Gaweane uga serabutan melu blandhong golek kayu lan ngeterke

Nalika Rembulan Bunder | 127