Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/139

Kaca iki wis divalidasi

juragan Sukir. Kabeh wis ngerti panggautan lan kebiasaane Sarman, gaweane ngutang mrana-mrene. Siti nganti isin. Utange Siti lan Sarman wis tekan ngendi-endi, sundhul langit. Mbok dadi anakan, anakan dadi mbok.

Saliyane utang nang bank plecit uga utang-utangan menyang rentenir kang bungane dhuwur nekek gulu. Kadhang nganti lima persen, kadang nganti sepuluh persen nyang desadesa. Apa sing dijagakke Siti lan Sarman. Ora nduwe kok ya tetep mangane ajeg. Kanggo dodolan pecel lan tumpang modhale entek go butuhe Sarman lan dhuwit dijaluki bojone kanggo gendhakan, golek kelonan lonthe lan wedokan, nggo nguja lan seneng-seneng, nyawer campursari, mendem, ngrokok, lan kanggo nyenengke wedokan liya. Uripe Siti nggrantes tenan, nyawang bojone lumuh, wegah megawe lan kerja.

Omahe Siti lan kulawargane saka papan kayu. Dheweke manggon neng pinggir alas jati sakiwa tengene wadhuk. Persise omah lan dhusun-dhusun kuwi wis kakupeng dening banyu wadhuk. Wadhuk kuwi lagi wae diresmekake Presiden. Jaman semana ontran-ontran nganti mataun-taun. Warga padha njaluk keadilan genti rugi lemah kang ora jumbuh regane wektu iku. Akeh wong sing padha ora gelem pindhah lan diusir peksa. Salonge padha dijak transmigrasi bedhol desa. Nanging ana sing ora gelem melu program transmigrasi lan tetep kukuh manggon neng desa-desa cedhak wadhuk.

Sepuluh taun kepungkur Turah isih dadi murid madrasah ing dhaerah kono. Turah sabendinane, kajaba sekolah ing madrasah kuwi uga melu angon wedhus. Dheweke uga gawe areng lan golek kayu melu bapake sing dadi blandhong ing alas. Melu juragan Sukir.

Merga kahanan kuwi Turah asring mbolos ora mlebu

sekolah melu mertukang lan kerja ngalas. Turah melu kerja serabutan kanggo mbantu nyukupi kebutuhan kulawargane. Adhi-adhine isih akeh sing kudu diopeni.

128 । Antologi Cekak