Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi

"Ibu kan wis bola-bali kandha, kowe dadi bocah aja kakehan polah. Iki minangka asil yen bocah ora ngrungokake omongane wong tuwa."

Pancen bener, saben aku nglalekake saran saka ibu, mesthi ana wae perkara sing ora nyenengake. Aku rumangsa tresnane ibu pancene gedhe banget, aku isih dianggep kaya bocah cilik. Ora krasa netes luh saka mripatku.

"Aku kangen karo ibu," ujarku kanthi spontan ing njero ati.

Aku mandeng jam weker ing sisih kiwa dipan, "Wah sajake wis lingsir wengi."

Aku narik slimut ing separo awakku. Sesuk esuk aku kudu ndang tekan terminal bis, amarga bis ing kene isih arang banget lan mung ana ing sawetara wektu.

Sanajan ngantuk, nanging ora bisa turu. Aku pengen enggalenggal bali, ketemu karo ibu lan bapakku. Aku pancen kangen swa­rane. Kangen nalika jaman cilikanku dhisik. Swarane ibu sing mbiyen kaya jarum jam sing landhep lan gawe dhadhaku panas. Malah saiki gawe kangen. Kangen nalika kuping iki dijewer amarga salahku.

Pasuryane ibu sumelang ing njero pikiran, semana uga karo bapak. Sanajan aku durung bisa mbuktekake janji rikala sesumbar nalika lunga saka omah mbiyen. Aku sadhar iku emosi saya gedhe banget, aku egois, banjur gawe lali yen ana ati sing tak tatoni, nedhak aturan wong tuwa.

Rampung mangan lonthong sayur, aku enggal menyang terminal. Alhamdulillah, isih ana tiket bis. Sawise mbayar, aku mlebu bis sing bakal nggawa aku mulih ing dhesa kelairanku.

Ana wong wedok sing lungguh ing cedhak jendhela, rupane cukup manis. Aku ngira yen umure isih rong puluh taunan. Wong kuwi ora ngerti yen aku nggatekake dheweke, amarga lagi asyik nggatekake bocah cilik sing lagi digendong ibune ing ngarep terminal.

"Apa aku oleh lungguh ing jejer kene, Mbak?" salamku.

Nalika Rembulan Bunder | 3