Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/140

Kaca iki wis divalidasi

Omah sing dienggoni kulowargane Turah isih memper kan­dhang wedhus. Dinggoni umpel-umpelan dadi siji karo wedhus-wedhuse. Kahanan ekonomi wong tuwane kurang lan ora duwe panggautan sing tetep lan mesthi. Ora cukup kanggo mangan lan nyambung butuhe.

Saben oleh hasil, Sarman, Bapake ora tau bali omah amarga seneng mendem lan ngabotohan. Utange sangsaya mengkak, apa maneh angger ketangkep polisi, Bapake mesthi kudu nyetorke tebusan ben oleh metu. Wingenane Sarman kecekel polhut merga nyolong kayu gelondhongan neng alas. Dheweke kudu mlebu pakunjaran nek ora nggawa jaminan. Nyawang kahanan kulawargane sing pas-pasan lan ora duwe apa-apa, Turah wis ora mikir sekolah. Adhine sing mung lulusan SD/MI nang ndesane malah mung trima dadi babu melu wong neng kutha liya. Adhine sekolahe rata-rata ya mung tekan SMP. Ora bisa nerusake amarga ora ana biaya maneh.

Mula, Turah medhot seka SMP terus dadi buruh lan kerja sakecekele. Gurune tau mara menyang omahe sik sajane ora memper disebut omah nanging kandhang. Omah mau dipanggoni simbahe, emake, bapake, adhi-adhine, kakang, lan mbakyune. Turah nate diparani nanging wis ora ana krenteg sekolah lan ora ana panyengkuyung saka bapak lan emake.

“La saniki Turah ten pundi, Bu?”

“Lah pun boten nate balik kok, Bu, sawite enten pasar malem komedhi puter niku ten kecamatan nika, lajeng kadose melok komedhi puter niku kerja keliling ngaten!”

“Oh la napa ndherek kerja mriku?”

“Enggih kadose, Bu, ndherek buruh ten komedhi puter niku!”

“Ngaten loh, Bu, lak eman-eman sekolahe kantun sekedhap malih ujian. Kelas tiga pun ajeng ujian. Mbok ndherek ujian riyin, mesakaken nek ngantos medhot sekolahipun.”

Bubar diparani guru wali kelas lan BK iku Turah wis blas ora tau ngetok, ora tau sekolah maneh.

Nalika Rembulan Bunder | 129