Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/141

Kaca iki wis divalidasi

“Le, cah bagus, kowe kok ngantuk mau bengi nyang ngendi?” nalika semana Bu Guru ndangu yen Turah turu nang kelas.

Kanca kancane akeh sing ngerti yen Turah pancen kerja dadi tukang parkir pendhak malem Jumah Kliwon. Turah lan kancakancane sakampung padha kerja menyang Gunung Kemukus. Ana sing dodolan, ana sing nyewakake klasa, lan liya liyane kalebu dadi tukang parkir. Bocah-bocah padha nyewakake klasa, lan dodolan barang-barang kanggo syarat ritual menyang Gunung Kemukus kuwi. Yen para peziarah rame banget, padha teka seka ngendi-endi, kuwi tegese rejeki. Oleh dhuwit tegese bisa mangan.

Apa maneh yen ana acara Lurub Slambu setaun pisan ing Gunung Kemukus. Tradhisi nyuceni slambune Nyai Ontrowulan kuwi padha ditekani para pejiyarah lan para warga saka ngendiendi. Dhaerah sing kekupeng sepining Gunung Kemukus dadi rame lan regeng. Apa maneh yen arep mlebu kudu nyewa prau sebab dhaerah Gunung Kemukus kegubeng banyu wadhuk Kedung Ombo. Para warga padha nyewakake prau, payung, lan klasa. Uga adol andhuk celana, selimut, sabun, sampo, lan sapanunggalane kanggo acara kuwi.

Sepuluh taun sapungkure iku Turah wis minggat saka dhaerah kuwi. Minggat amarga ditundhung bojone Sarman sing anyar. Emak kuwalone.

Turah isih kelingan ngapa dheweke minggat saka bumi klairane. Bengi-bengi warga kampunge geger. Wong sakampung padha cluluk lan ana swara kenthong titir. Ana pulung gantung, pikire Turah. Sapa sing nggantung durung karuhan. Wektu kuwi dhewe kebubar tangi turu. Mripate isih kriyip-kriyip. Kupinge krungu swara tangise mbah kakung lan mbah wedok. Adhi-adhine pating jlerit karo nyeluk jenenge mak’e.

“Siti nggantung...!! Siti nggantung...!

“Mak’e, sing nggantung mak’e.“

130 । Antologi Cekak