Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/142

Kaca iki wis divalidasi

Turah nahan ambegan lan banjur menyang mburi omah. Ana pawone make wis gumantung ora ana nyawane. Ana ing ngisor usuk pawon mburi.

“Mak’e... Mak’e... Mak’e...!” swarane tangis sesenggukan adhi adhine.

Omahe kebak tangga teparo kang padha teka parak esuk kuwi mau.

“Siti... Siti... cupet men ta, Ndhuk, pikirmu... Kowe kok nglalu kaya ngene iki piye... Ndhuk, Ndhukkk!” Sarman, bojone, mung meneng mentheleng nyawang kahanan kaya ngene. Turah isih eling Sarman ora nangis babar blas. Turah kang sarwa kekurangan kuwi, isih eling bubar kuwi bapake banjur sesandhingan golek mbok kuwalon. Golek bojo maneh. Bar kuwi Turah ora bali menyang kampunge maneh. Turah lunga menyang ibukota.

“Kono minggata kono, Le, rasah nang omah, Pakmu wis ra sudi ngopeni kowe, kana minggata seka omah!” Mbok kuwalone Turah nundhung minggat dheweke.

“Aku kudu menyang ngendi, Mak ...!”

Terserah, kuwi urusanmu, anak ra genah, anak pekok minggata kono!” Mbok’e kuwalon nguncalke tas kang isine mung klambi.

“Gawa kabeh klambimu!”

Bubar kuwi Turah plencing lunga. Embuh, durung ngerti arep menyang ngendi. Mung ngetutake lakune bus ana ing terminal. Saparan-paran Turah lunga golek gawean sakecekele. Kadhang ya nyopet, kadhang ya maling, saentuke. Dilalah Turah diopeni juragan. Terus dipek bojo karo juragan kang omahe Jakarta.

Sepuluh taun wektu kang cepet. Turah dadi juragan kang sugih blegedhu amarga dipek bojo wong sugih. Lan saiki Turah wes turah-turah. Menyang ngendi wae dikawal lan duwe ajudan.

Donya wis ana nang tangane.

Nalika Rembulan Bunder | 131