Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/143

Kaca iki wis divalidasi

Turah nyawang ombyaking banyu wadhuk. Jenenge ketulis gedhe-gedhe. Sedhela maneh ana pilihan anggota dewan. Potone ana ing ngendi-endi. Turah dadi anggota dewan utusan dhaerahe.

Turah nyawang Kemukus wis ora kaya biyen. Saiki wisata religi wis ditutup karo Pemda. Wes ora oleh maneh. Turah banjur eling tau dadi tukang parkir lan dadi tukang prau nyebrangke para pejiyarah sing teka saka luwar dhaerah. Bengi kuwi Turah entuk duit akeh. Sejatine sapa juragan sing gawe Turah dadi sugih mangkene. Nganti bisa duwe jabatan, nganti dadi anggota dewan. Bisnis hitam sing dikuwasani ana ing Jakarta, kabeh wis ana tangane. Kabeh dhuwite saka bisnis haram. Saka judi, mucikari, hiburan wengi, karaoke, cafe, lan hotel penginepan esekesek. Marga kuwi Turah bisa duwe dhuwit akeh. Dhuwite bias kanggo tuku apa wae. Wis kecekel dadi anggota dewan, fraksi, bisa dadi ketua cabang fraksi ,lan munggah maneh jabatane dadi pimpinan fraksi.

Ana ing pemilihan anggota dewan, Turah pidhato lan sesorah yen arep mbangun dhaerahe, arep mbangun dhaerah kuwi ben maju lan makmur. Turah golek massa ben kepilih maneh dadi anggota dewan. Turah wis turah mblawah, ora kaya Turah sing 20 taun kepungkur kang sara lan urip sarwa kekurangan.

Turah yen turun dhaerah tumpakane mobil alus nggawa bodyguard. Duwe ajudan. Turah banjur sesorah. Gambar baliho gedhe-gedhe ngebaki ana ing pinggir-pinggir dalan. Turah mbangun hotel gedhe ana ing dhaerah kono lan nduweni lemah ana ing ngendi-endi. Turah saiki dadi tuwan tanah.

Turah mlaku-mlaku ana ing pinggir wadhuk, atine wis atos ora nduweni welas asih. Sapa wonge sing wani bakal dilibas lan diidak. Sapa wae, sapa kumawani bakal mati lan ora ana sing wani ngangeni, gali gedhe, asu gedhe banter kerahe. Mataun-taun urip ana ing dalan peteng, reget, lan ireng, malah andadekke mripate wuta.

“Bapak, wonten tamu badhe manggihi Bapak!”

132 । Antologi Cekak