Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/144

Kaca iki wis divalidasi

“Sapa takona jenenge seka ngendi.”

“Inggih, Pak!”

Satpam lan ajudane banjur nyedhaki pawongan sing ana ngarep gerbang omahe kang magrong-magrong kaya kraton kuwi.

“Bapak sinten, ajeng manggihi sinten lan keperluane napa!”

“Sarman, kula nami Sarman lan niki bojo kula, Mak’e Turah!”

“Sarman?” pitaken satpam

“Inggih, kula Sarman, bapake Turah!” Sarman njelaske menyang satpam kuwi.

“Kula niki Bapake Turah!”

Ora let suwe satpam banjur atur pelaporan menyang mlebu omah. Omahe hotel Turah ana ing dhaerah kene.

“Ngapunten, Pak Sarman. Bapak Turah boten gadhah bapak lan tiyang sepuh naminipun Sarman! Nggih niki wau pun ngendika ngaten, bilih tiyang sepuhipun bapak Turah sampun tilar donya sedaya!”

“Ohh... Turah... Turah anakku, Le... Ngger.... Apuranen bapakmu iki Le...!”

Satpam lan ajudan banjur nutup lawang gerbang. Banjur Sarman sakloron metu lan menyat lunga saka ngarep hotel kuwi.

Sus S. Hardjono, lair wonten ing tlatah Kutha Sragen, 5 November 1969. Tahun 90-an sampun miwiti nyerat gurit puisi, esai, cerpen, lan cerkak wonten media massa cetak. Geguritan asring medal wonten Panjebar Semangat rikala tahun 90an. Ugi puisi lan cerpen sampun kapacak wonten media koran Masa Kini, Bernas, Kedaulatan Rakyat, Pelopor, Wawasan, Suara Merdeka, Solopos, Joglosemar, Swadesi, Merapi, Cempaka, lan liyane. Novel terbit Sekar Jagat (2017), Bumi Hangus, Surga yang

Hilang, lan liya-liyane. Buku puisi Melati Berdarah,

Nalika Rembulan Bunder | 133