Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/148

Kaca iki wis divalidasi

njaba warung kuwi ana kolam cilik sing isih ana banyune. Iwak grameh, nila, lan lele padha nglangi kaya rebutan pelet.

“Dhik!” Kowe mbuka omongan. Hape sing nang tanganmu diglethakake nang meja.

“Iya, Mas,” semaurku. Iki sing sakjane taktunggu kawit mau. Ngajak aku ngobrol.

“Aku arep ngomong sing penting.”

“Soal apa, Mas?”

“Soal hubungane aku lan kowe.”

Swasana dadi meneng. Krasa sepi. Ewadene nang pinggir dalan kendharaan padha sliweran.

Sawetara omonganmu mandhek nalika bapa warung teka. Nggawa nampan isi rong mangkok soto lan rong gelas teh manis anget. Bapa kuwi mbungkuk banjur nyelehake mangkok lan gelas kuwi nang meja. Dhekne mandeng kowe lan aku gentenan banjur mesem. Untune keton sithik.

“Mangga,” ujare bapa pelayan ingkang kumise radha mba­ plang kuwi.

“Maturnuwun,” aku semaur sambi melu mesem sithik.

Mangkok isi soto sing nang ngarepku isih kemebul kukuse. Takiseni sambel rong sendhok cilik lan taksemproti kecap. Tak­ tambahi peresan jeruk warangan, banjur takudhek. Soun putih mudal, irisan daging sapi sing maune nang ndhuwur, pindhah nang ngisor, cambahe pating jempalit. Nanging, irisan sledri lan brambang goreng tetep ngambang nang kuwah buthek seka santen kuwi. Takudhek ping lima nganti sambel lan kecape nyam­pur. Kuwahe taksendhok, banjur taksruput. Sruuttt… seger tenan. Gurih, asin, legi, semu kecut nempel nang ilat.

Soto kuwi takpangan alon-alon. Jalaran isih panas, aku ora wani cepet-cepet maem. Khawatir mbokmengko ilate babak.

Sinambi ngunyah, mataku pindhah nyawang kowe. Tak delok, kowe nundhuk karo ngunyah soto. Nanging, tetep bae

aku ngrasa ana sing beda seka lakumu. Ewadene tutukmu

Nalika Rembulan Bunder | 137