Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/149

Kaca iki wis divalidasi

ngunyah, nanging dhaharan kuwi kaya ora dirasakna. Padahal soto iki rasane eca tenan.

Takterusna mangane. Alon-alon. Takrasakna tenan soto racikane Kang Triman kuwi. Ditambah emping goreng sing renyah, tambah eca rasane. Diselingi nyruput teh manis panas nggo tamba seret nang gulu.

Sekira sepuluh menit, kowe rampung olehe mangan. Ora kaya biyasane, kowe mangan banter banget kaya wong dioyak sapi bigar. Biasane, nek mangan, kowe kuwi alon-alon. Kadang malah disambi karo ngomong ngalor ngidul. Lah, nanging saiki, ora ana seukara sing kemecap. Aku kok malah mulai tambah bingung.

“Dhik!” Sliramu mbuka suwara.

“Iya, Mas,” semaurku karo ngunyah daging sapi sing empuk.

“Mung cukup semene wae, ya, aku olehe dadi pacarmu.”

Mak dheg! Atiku krungu omonganmu.

“Apa, Mas?”

“Iya, mulai saiki, aku njaluk kowe lan aku ora usah pacaran maneh.”

Kaya bledhek nang mangsa ketiga, omonganmu gawe aku kaget setengah mati.

Kuwah soto sing nembe wae taksruput, durung sempet takeleg langsung anyeb rasane.

“Mas, aja guyon,” kandhaku maneh.

“Aku ora guyon, Dhik. Aku serius.”

Mripatku sing nembe wae mendelik kaget, saiki dadi mandan sayu. Mripatku tambah abot. Ora krasa, ana sing ndle­ wer seka pinggir mripat mbelah pipi nglunturake wedhak. Kiwa tengen.

“Kowe wis ora tresna marang aku apa, Mas?” pitakonku lirih.

“Isih, saking tresnane. Malah tambah tresna.”

138 । Antologi Cekak