Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi

"Eh, mangga, Mas," semaure rada kaget.

Wong ayu kasebut madhep maneh menyang jendhela bis, ndheloka bocah sing ana ing gendongane ibuke. Dhadhane saya kembang kempis, dheweke ngeget, swarane abot. Kaya ana beban sing diumpetake ing njero dhadhane.

"Ketoke tentrem banget dadi bocah iku?" wong ayu kuwi miwiti mbukak pacelathon kasebut.

"Maksude?" Aku takon karo melu ndelengake bocah cilik umuran telung taun sing digendong karo jarik kawung.

"Bocah iku pancen begja amarga isih bisa ngrasakake anget tresnane ibu, nanging aku durung tau ngrasakake digendong ibu wi­wit isih cilik. Ibu seda nalika nglairake aku," wanita kasebut nyri­takake kedadeyan rong puluh taun kepungkur. Mripate sing damar kanginan netes luh neng pipine sing kayadene nduren sajuring.

Aku isih luwih begja tinimbang dheweke. Wong tuwaku sakloron isih ana. Sanajan ibu asring nesu, pancen bener iki sing nda­dekake aku kangen mulih, kangen ibu. Aku melu nangis krungu ceritane wanita sisih kiwaku.

"Lha, kok awakmu melu nangis? Kenging punapa?" oleh pitakonan kaya ngono saka wong ayu nggawe awakku gemeter.

"Ah, ora. Iki naming mripatku lara banget amarga cedhak AC suwe," aku mangsuli karo ngusapke kacu neng mripat.

Tangan wanita mau nyekel tombol ing langit-langit bis lan dipencet.

"Nah, saiki wis ora asrep banget, ta?"

Pitung jam lelungan nggawe atiku tambah kangen. Bis sing nggawa aku saka Bogor pungkasane mlebu ing terminal kutha kabupaten. Ing terminal, aku lan wanita kuwi pisah.

Aku mlaku menyang pangkalan ojeg montor ing sisih se­brang terminal bis, amarga dalan menyang omah luwih cepet kanti numpak montor.

4 | Antologi Cerkak