Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/150

Kaca iki wis divalidasi

“Ana wong wadon liya?”

Aku ngira lungamu kerja nang Jakarta rong taun kepungkur, marakna tresnamu luntur. Kowe banjur kecanthol wong wadon nang kana. Kan, wong wadon kota metropolitan padha ayu-ayu tur semlohe. Pinter dandan. Pinter perawatan nang salon. Ora kaya awakku.

“Ora, Dhik. Ora ana wong wadon liya.”

Aku yakin kowe goroh. Ketok seka caramu ngomong. Kaya wong gugup golet alasan.

“Apa wong tuwamu ora setuju?”

Aku banjur sadhar, awakku iki sapa. Aku lahir seka kelu­ warga sing urip pas-pasan. Bisa sekolah tekan lulus kuliah merga wong tuwaku gedabigan golet biaya kaya ora duwe wudhel. Sirah nggo sikil, sikil nggo sirah. Sakwetara kowe seka wong sing pengaji. Bapak ibumu dadi pejabat nang pemerintahan. Mbok menawa wong tuwamu wis njodhohna kowe karo anake pejabat sing stratane padha.

“Udu, Dhik. Wong tuwaku setuju-setuju wae karo sapa wae pilihanku,” semaurmu.

Aku banjur meneng. Ora takon maneh alasane kenang apa kowe njaluk hubungan pacaran iki cukup tekan kene. Mripatku takuncalaken maring jendela sebelah lorku. Gunung Merapi ketok semanger. Nanging pucuke ketutup mendhung kaya atiku. Angin sing semribit malah nggawa hawa panas seka njaba.

****

Pancen aku wis kenal kowe kawit semester pertama rong taun kepungkur. Ya kenal mugur sewates kanca sekelas. Ora ana rasa sing spesial marang kowe. Lha, aku tah emoh pacaran karo aktivis teater plus pecinta alam kaya kowe. Wis jarang banget adus nganti kebangeten mambune. Rambute gondrong kucel. Tur sing aku ngerti, kowe sering nenggak ciu. Dadi, aku, ya,

mung gur kenal biyasa bae marang kowe, kaya maring kanca-kanca liyane.

Nalika Rembulan Bunder | 139