Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/151

Kaca iki wis divalidasi

Awan kuwi, ora ngerti kepiye jalarane, aku kok gelem diajak ngancani kowe dolan muteri kota. Ya, aku pancen uga kepingin mlaku-mlaku. Suwe ora dolan. Numpak motor GL Pro, boncengan.

Sakwise muteri kota, wektu arep mulih, ndilalah wae pas tekan daerah Citran, udan teka deres banget. Apese, kowe ora nggawa mantel. Ya wis, awake dhewe kudanan. Let ora suwe, kowe banjur ngenggokna motor maring sewijine warung nang pinggir dalan. Motor diparkir, aku dijak mlebu ngiyub. Kebeneran, wetengku uga wis krasa ngelih.

Aku lan kowe banjur milih meja sing cedek jendela sisih lor. Kowe pesen rong mangkok soto lan rong gelas teh manis anget.

“Iki soto paling enak nang daerah kene. Aku sering mangan nang kene,” kowe miwiti crita.

“Rasane beda karo soto Magelang liyane. Ora bening, tapi rada buthek mergane ana santene. Iki perpaduan soto Magelang karo soto Tamansari Yogya. Rasane luwih gurih,” ujarmu pro­mosi kaya sales.

Aku, ya mung manthuk-manthuk kaya jantung disunduksunduk bocah angon, ngrungokna ceramahmu. Aku pancen durung tau mangan nang warung kene. Ya, kudu dimaklumi, aku kan arang-arang dolan.

Ora nganti suwe, bapa-bapa teka nggawa nampan isi rong mangkok isi soto lan rong gelas isi teh manis anget. Loro-lorone kemebul kabeh. Kayane eca banget, mangan soto panas pas hawane adhem udan-udan kaya iki.

“Iki Kang Triman, sing duwe warung soto iki,” ujarmu sok kenal.

Bapa-bapa kumisen kuwi mesem marang aku. Aku mbales esemane. Piyantune wis rada tuwa, nanging esih ketok gagah. Eseme uga ketok manis. Lho, kok aku dadi ngalem dhekne.

“Sumangga, lho,” ujare bapa kuwi mau. Dhekne banjur ninggalake aku lan kowe.

140 । Antologi Cekak