Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/152

Kaca iki wis divalidasi

Aku nyruput teh anget manis. Telung sruputan, glegek, banyu anget temurun nang gulu tekan weteng. Rasane awake langsung anget.

Sotone taktambahi sambel telung sendhok cilik, karo taksemprot kecap seka botol. Ora keri peresan jeruk warangan. Takudhek-udhek nganti kuwahe tambah buket rada kecoklatan. Taksruput kuwahe. Jan, pancen seger tenan, gurih, legi, semu kecut, pedhes tur ora kasinen.

Banjur takicipi irisan daging sapine. Takmamah, kok, amoh tenan. Ora kaya soto sapi liyane, sing daginge atos kelat-kelot, serate marakna slilit nang untu.

“Kowe pancen pinter milih papan panggonan nggo mangan,” ujarku.

“Hehe, sapa dhisit, aku, lho. Nek urusan babagan ngisi weteng, aku tah juwara. He…he…he…”

Kowe uga mangan kanti lelep kaya wong saking ngelihe ora mangan telung dina. Kusuk banget. Aku mung mesam-mesem dhewe weruh lakumu olehe mangan. Aku nerusna mangan. Lagi enak-enake, ujug-ujug kowe ngomong.

“Kowe gelem dadi pacarku?”

Mripatmu mandeng aku. Kowe mesem.

Mak dheg! Aku kaget krungu omonganmu. Meh wae aku keplekiken, kuwah soto sing nang jero tutukku muncrat. Taklap nganggo tisu. Aku banjur nyruput teh manis anget nang sandhingku.

“Apa?”

“Aku tresna marang kowe. Kowe gelem dadi pacarku?”

“Serius?”

“Iya, serius.”

Aku banjur meneng. Mikir, iki bocah lagi kenang apa? Tapi aku uga ngrasa ujug-ujug ana sing gemeter kenceng nang njero dadaku. Apa aku pancen uga ana rasa tresna marang kowe, tapi

nganti seprene ora takrasa.

Nalika Rembulan Bunder | 141