Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/153

Kaca iki wis divalidasi

Aku melu mandeng mripatmu jero-jero. Aku kaya weruh ana keyakinan sing kuwat seka kowe. Aku uga kaya weruh kepastian kanca urip selawase nang awakmu.

“Angger kowe meneng, berarti kowe gelem.”

Lho, kowe kok ujug-ujug nggawe keputusan sing marakna aku bingung.

“Piye?”

Aku isih ora semaur. Tetep meneng kaya patung dewadewa nang candi Borobudur. Ora ngerti kenang apa, ana rasa bungah campur isin seka njero atiku. Lambeku sing maune kaku, alon-alon mesem amba. Pipine kaya tambah abang. Aku kok kaya ngrasa bener-bener dadi tresna marang kowe. Sirahku ndhingkluk, isin arep mandeng kowe.

Soto sing nang mangkok ngarepku kari separo. Cambah, brambang goreng karo sledrine kemambang. Kuwahe sing rasane enak, gurih, legi, asin lan ana kecut-kecute, kaya nggambarake rasane atiku sing campur adhuk ora karuwan bungahe.

“Dhik, patang taun awake dhewe pacaran ngiket asmara,” kowe mbuka omongan maneh.

“Sakwise lulus kuliah, kowe taktinggal kerja nang Jakarta. Rong taun kowe taktinggal nang kene. Awake dhewe ketemu mung liwat telepon. Mulihku uga ora mesthi jalaran aku sibuk kerja. Aku ngerti kowe nandang kangen, semana uga aku marang kowe,” ujarmu.

Tak rungokna omonganmu, nanging pandenganku kosong.

“Nek adoh-adohan kaya iki terus, aku kayane ora sanggup, Dhik.”

Aku isih tanpa ukara.

“Makane, aku wis mikir mateng-mateng. Kayane wis wayahe saiki dhewe ora usah pacaran maneh.”

“Namung, jalaran adoh-adohan kuwi sing dadi alasanmu, Mas? Tega kowe, ya, Mas.” Aku protes.


142 । Antologi Cekak