Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/154

Kaca iki wis divalidasi

“Lha, iya, Dhik. Saiki aku takon, apa kowe sanggup nek kudu adoh-adohan terus karo aku. Ketemune paling cepet setahun pindho?”

Iya, ya, apa aku sanggup terus-terusan hubungan jarak jauh karo kowe. Ketemu paling cepet setaun pindo. Aku uga ora ngerti apa polah lakumu nang Jakarta kana. Nalika awal-awal aku mutusna gelem nampa tresnamu, aku wis netepi ati bakal dadi wong wadon sing setiya marang kowe. Nanging, aku, kan, ora ngerti apa kowe bisa setiya marang aku nalika kowe adoh seka aku.

Aku mung gedhek-gedhek, ora semaur. “Dhik, kowe ora usah lara ati, ora usah cuwa. Aku wong lanang. Pantang nglarani atine wong wadon sing taktresnani.”

Aku tambah bingung, tambah gela krungu omonganmu. “Dhik, awake dhewe aja pacaran maneh, ya. Nek, mbojo wae sekaliyan piye? Kowe gelem? Sesuk aku maring umahmu ketemu karo bapa ibu, nglamar kowe. Aku pingin dikancani kowe selawase.”

Mak dheg! Aku kaget krungu omonganmu. Aku banjur man­deng kowe jero-jero. Kowe mesem kaya jaman ngucapake tresna marang aku patang taun kepungkur. Alon-alon lambeku sing kaku dadi melu mesem. Eluh cuwa sing netes, malih dadi eluh bahagia. Ujug-ujug, nang atiku kaya ana kali sing banyune bening milik seka pucuk gunung. Kembang-kembang padha megar, kupu-kupu pada menclok. Aku pengin menyat terus ngrang­kul kowe, nanging isin mbok didelengi nang Kang Triman sing nduwe warung iki.

Soto nang mangkok sing nang meja ngarepku, kari separo. Soun, cambah, lan irisan daging sapi kaya lagi ngeploki awakku. Irisan sledri lan brambang goreng kaya lagi nari-nari nang ndhuwur kuwah. Nalika ing njaba kana, mendhung ing pucuke

Gunung Merapi mingser.

Nalika Rembulan Bunder | 143