Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/156

Kaca iki wis divalidasi
Melik Nggendhong Lali Arih Numboro

Toko emas “Kencana” didegake ana ing punthuk cilik. Ing sakiwa tengene ora ana wewangunan liyane kejaba omahe kang duwe toko. Kuwi wae mapan rada kapernah buri. Ing antarane omah lan toko dientha petamanan kang endah. Witwitan maneka warna ditandur kanggo ngrenggani taman. Ing kono uga diwangun balumbang kang diingoni iwak mas lan koi. Ing pojok balumbang diwangun grojogan kang banyune tansah mili. Toko kuwi madhep mangidul ngadhepake pasar Jatisari.

Esuk mau, udakara jam pitu, nalika para pegawene lagi padha mbukak lawang toko, dumadakan saka perangan dhu­wur toko kuwi ana kukus kumeluk. Banjur ora antara suwe toko emas kuwi kobong. Geni ngalad-alad gedhe banget. Para pegawene padha age-age golek slamete dhewe-dhewe. Semono uga Badrun lan Imah, juragane toko emas.

Jatisari geger.

Badrun dheleg-dheleg lungguh ana ngisor wit asem. Awake disendhekake ing wit kang dumunung ana ing sangarepe tokone kuwi. Geni kang ngalad-alad ngobong toko emas kuwi mung disawang. Imah uga amung nyawang toko emas kang gedhe dhewe ing kuthane kanthi rasa nalangsa. Wong-wong pasar kang padha ninggal dagangane kang maune padha bakal aweh pitulungan nyirep geni, uga banjur melu-melu nyawang

kridhane bathara agni. Ora ana kang ngerti apa kang ana ing

Nalika Rembulan Bunder | 145