Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/157

Kaca iki wis divalidasi

njero pikire Badrun. Yagene dheweke ora ngupaya nyirep geni kanggo nylametake bandhane.

Toko emas kuwi diwangun nganggo bandha kang diklumpukake mbaka sethithik. Diwiwiti saka anggone Badrun dol tinuku emas ing pinggir dalan, ing wetan Pasar Klewer. Ganti dina, ganti minggu, ganti sasi, ganti taun. Rejekine tansah lumintu. Kaskayane saya wuwuh. Dhasar dheweke mujudake nom-noman kang gemi, nastiti, lan ngati-ati. Kejaba kuwi, dhe­ weke ora tau cidra marang para pawongan kang padha dodolan marang dheweke. Mas apik dikandhakake apik, ala dikandahake ala. Anggone ngregani uga dijumbuhkane karo reregan emas kang lumaku wektu kuwi. Kanthi mangkono njalari sangsaya akeh pawongan kang padha dodolan marang Badrun.

Badrun duwe gegadhangan, yakuwi sadurunge rabi kudu wis bisa tuku lemah lan mangun toko emas. Lan kanyatane, dheweke klakon mujudake gegadhangane. Lemah kang mapan ing sangarepe pasar ing kutha kalairane, Jatisari, duweke anak turune Demang Jatisari, klakon dituku. Lan banjur didegi toko.

Jatisari mujudake kutha cilik nanging reja. Bab kuwi bisa didelok saka rejane pasar Jatisari. Ing saben dina Pon lan Kliwon pasaran. Akeh para among dagang saka jaban kutha kang padha teka mrono. Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha teka saprelu dodolan ulu pametune tegal sawahe. Sesawangan ramene pasar Jatisari kang kaya mangkono kuwi kena dimesthekake ing saben dina pasaran.

Toko emas “Kencana” duweke Badrun ora kalah ramene. Mesthi uyel-uyelan dening pawongan kang padha dodolan utawa tetukon emas-emasan. Nanging bedane, rejane ing toko emas “Kencana” ora ngemungake ing dina pasaran, ing saben dinane toko kuwi ora tau sepi wong.

Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha duwe panemu manawa nyelengi luwih becik awujud emas-emasan

tinimbang awujud dhuwit. Kejaba bisa dianggo rerenggan ing

146 | Nalika Rembulan Bunder