awak kang bisa njalari gandhes kang padha nganggo, regane mas manut munggah mudhune reregan emas-emasan ing pasar donya. Saumpana dodolan kebener rega dhuwur, bisa oleh bathi. Dene yen ora, ya wis mesthi bathi nganggo. Apa maneh toko emas “Kencana” nyedhiyakake emas-emasan kang regane maneka warna, wiwit emas kang murah dhewe nganti kang larang. Dadi saben pawongan bisa duwe penganggon emas-emasan senajan mung nggawa dhuwit sethithik. Kejaba kuwi, saben dina mesthi bukak, senajan ta dina Minggu utawa dina prei liyane. Kanthi mangkono samangsa-mangsa butuh dhuwit kang kudu kanthi dodolan emas-emasan mesthi klakon mulih nyekel dhuwit. Para pawongan padha kandha yen toko emas “Kencana”: kena dijagakake kanggo butuh.
Dina Jemuwah Pon. Wancine wis jam 11 awan. Mesjid gedhe Jatisari wis ngumandhangake tilawah ayat suci Al Qur’an. Toko wis arep ditutup sawatara sajrone jemuwahan. Ing antarane pawongan kang padha arep dol tinuku emas-emasan, ana sawenehing pa wongan kang ndhesel-ndhesel saperlu bisa tekan ngarep mepet etalase. Wong-wong kang wegah didheseli padha celathu.
“Mbok ora ndhesel-ndhesel ngono, ta, Lik.”
“Kabeh ki ya padha butuhe. Yen antri ngono geneya?”
Dicelathoni mangkono, pawongan tuwa kuwi ora ngglape babar pisan. Dheweke tetep ngupaya bisane mepet etalase. Polahe wong-wong kang padha suk-sukan lan swarane wong padha grejegan kuwi narik kawigatene Badrun. Dheweke banjur menyat tumuju etalase.
Pawongan tuwa kuwi isih ngupaya bisane maju, nanging dening liyane dialang-alangi dalane. Malah ana sawenehing pawongan kang kasil diliwati, banjur nyandhak klambine pawongan tuwa kuwi lan nggeret bali mundur. Sing digeret tiba jekangkangan.
Kanthi rekasa pawongan kuwi krengkang-krengkang tangi.
Nalika Rembulan Bunder | 147