Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/159

Kaca iki wis divalidasi

“Mang paringi mergi. Kajenge majeng ngriki,” guneme Badrun rasa sora.

Pawongan kuwi kasil tekan ngarep. Badrun kaget, dheweke ora pangling marang pawongan kang rambute isih ireng senajan kulite wis padha kisut.

Badrun banjur gupuh anggone mbagekake marang mbah Kersa. Mbah Kersa diajak menyang omah kang mapan ing saburine tokone. Mbah Kersa kuwi salah sijine anak turune Demang Jatisari kang saiki mapan ana ing desa Sindura ing pe­renge gunung Sindura, salore kutha Jatisari. Ing wektu iki kang isih manggon ing tanah leluhure mung kari turune mbah Kersa. Turune Demang Jatisari liyane wis padha lunga bara ing Jakarta lan uga ing Sumatra.

“Kok kadingaren panjenengan rawuh ngriki. Enten napa, Mbah?” pitakone Badrun sawise bage-binage sawetara. Pitakon kuwi sabenere mung kanggo abang-abang lambe, jalaran Badrun wis ngerti kekarepane mbah Kersa yakuwi mesthi bakal dodolan barang warisane Demang Jatisari. Kaya ing wektu-wektu ke­ pung­kur, mbah Kersa uga dodolan pusaka kademangan kang awujud keris lan tumbak.

“Ngene, lho, Nak. Aku ki wingi disambati putuku sing ana nJakartah. Dheke butuh dhuwit kanggo nambakke wong tuwane sing lara. Apa slirane bisa aweh pitulungan?”

Badrun ora kaget maneh klawan guneme mbah Kersa kaya mangkono. Ukara kasebut uga nate kawetu nalika dodolan pusaka kademangan. Mula kanthi sajak arep aweh pitulungan sarana nyilihi dhuwit, Badrun wangsulan kanthi rasa sakepenake.

“Ingggih, Mbah, saged. Manawi badhe dipun ampil, nika kula gadhah simpenan boten ketang sekedhik.”

“Ora, Nak. Aku ora arep nyilih dhuwit. Apa maneh njaluk.”

“Lha, lajeng, kajeng sampeyan pripun?” pitakone Badrun ethok-ethok ora ngerti, senajan atine wiwit bungah jalaran

pangirane bakal bener.

148 | Antologi Cerkak