Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi

"Ojeg, Mas?" tukang ojek sing ngelingake aku karo bapak, umurane yo ora adoh.

"Ya, Pak. Menyang dalan Gandasuli nomer papat, ya?"

Sepuluh taun aku durung tau bali menyang kampung. Akeh owah-owahan sing kedadeyaning kene. Kira-kira setengah jam montor sing nggawa aku wis tekan ngarepe omah warna coklat, Omah sing dakkangeni. Nanging, getih ing dhadha kaya mandheg nalika ing ngarep lawang gumantung kertas persegi saka kerdus ana tulisane DIJUAL

Sanalika awakku krasa kaya-kaya ora duwe balung, aku rumangsa ringkih. Aku mandek ing lawang. Omah ibu sing nggawe aku pingin mulih, saiki wis sepi banget.

"Buk, Pak. Niki, Pitojo wangsul?" Aku mbaleni pitakonan kasebut tanpa ana sing mangsuli.

"Aku kangen, aku rindu ning omahe ibu."

Luhku sangsaya deres tumetes kaya banyu udan.

Tumiyang, Pekuncen, Banyumas, 11 Juni 2020

Pensil Kajoe, lair ing wulan Januari tanggal 27. Wis nulis 16 buku tunggal lan luwih kurang 30 buku antologi bersama. Cerkak/cerpen utawane puisi lan geguritan basa Indonesia lan basa Jawa wis kapacaking koran nasional lan uga majalah. Saiki dadi penulis ing minggon basa Jawa Djaka Lodang, Yogyakarta ing rubrik Banyumasan. Pidhalem ing Jalan Raya Tumiyang 13, RT 1, RW 1, Kecamatan Pekuncen, Kabupaten Banyumas 53164. Tilpun/whatsapp; 085640896929, facebook

Pensil Kajoe.

Kalika Rembulan Bunder | 5