Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/160

Kaca iki wis divalidasi

“Iki aku nggawa barang. Apa slirane bisa ngregani?”

Tenan. Pangirane Badrun ora geseh. Mbah Kersa ngulung­ ake epek satimange. Badrun kaget weruh barang kuwi. Epek kuwi digawe saka bludru kang alus banget. Untu walang kang ngrenggani digawe saka benang emas. Timange uga saka emas, direnggangi inten gedhene sajempolan tangan cacah pa­pat kang dipapanane ing ngisor, dhuwur, kiwa lan tengen ban­jur direnggani inten kang gedhene sadhele kang rentep ing saping­ gire nganti ngebaki timang.

Badrun bungah banget weruh barang kuwi. Dheweke bakal seneng saupama bisa nduweni barang kuna tinggalane Demang Jatisari. Kanthi mangkono ateges apa kang diduweni Demang Jatisari kala samana saperangan gedhe bisa dadi duweke. Badrun mesam-mesem. Atine bungah banget. Barang kuwi kudu bisa dadi duweke kanthi rega sing murah banget, adoh saka rega samesthine. Dheweke naksir, lemah pekarangan satokone emas pisan ora cukup kanggo mbayar epek timang kuwi.

“Piye, Nak. Bisa aweh pambiyantu apa ora? Iki aku butuh temenan. Kanggo nututi nyawa, Nak. Tulungana, ya, Nak!”

Badrun ngulungkake barang kuwi marang mbah Kersa sinambi gedheg.

“Putuku mbutuhake dhuwit rong atus yuta. Apa slirane bisa mbayar rong atus seket wae. Mengko sing seket daknggo jagan samangsa-mangsa yen ana butuh.”

Badrun gedheg senajan atine lunjak-lunjak jalaran saka bungahe krungu rega kang ditawakake mbah Kersa.

“Lha, pira, Nak? Mongsok, rega semono ra tekan?”

“Saestu, Mbah, dereng dugi.” wangsulane Badrun.

“Ya, wis bayaren rong atus ngono wae.”

“Satus seket yen pareng.” panganyange Badrun sinambi menyat tumuju lemari brankas. Dhuwit atusan ewon satekem

diwetokake saka njeron brankas.

Nalika Rmbulan Bunder | 149