Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/161

Kaca iki wis divalidasi

“Ya, aja semono, ta, Nak. Yen ora rong atus, ora tak wenehke.”

“Nggih, pun. Ngga, niki yatrane.”

Mbah Kersa manthuk sinambi mesem kalegan.

Dina kuwi, Badrun klakon nduweni barang tinggalane Demang Jatisari maneh.

-*-*-*

Badrun isih dheleg-dheleg semendhe ing wit asem. Panyawange kosong. Rasa susah, getun, lan keduwung jalaran kelangan bandha sing dilumpukake mbaka sethithik sansaya nggandhuli atine. Kaya-kaya pengarep-arepe antek bareng karo enteke tokone.

“Wong Bagus, apa kowe nate nindakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan?” pitakone sawenehing pawo­ ngan kang dumadakan ngadeg ana ing sisihe.

Badrun kaget krungu pitakonan kaya mangkono kuwi. Dheweke banjur nyawang marang pernahe kang takon. Badrun sansaya kaget bareng weruh sapa kang ngadeg ing sisihe kuwi. Pawongan sepuh kang manganggo sarwa prasaja kuwi banjur dirangkul sukune kanthi kenceng sinambi nangis sesenggrukan.

“Kyai….”

“Wis, Wong Bagus. Ora sah digetuni. Kabeh wis kelakon. Saiki wangsulana pitakonku mau. Apa bener kowe wis nin­dakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan kaya kang nate daktuturake marang kowe nalika samana,” guneme Kyai Zuhri sinambi ngelus-elus sirahe Badrun.

Badrun durung wangsulan. Dheweke isih mbacutake anggone nangis. Sikile gurune isih dirangkul kanthi kenceng. Kaya-kaya ora bakal diculake.

Sakehe pawongan kang ing wektu kuwi padha kami­ tenggengen nyawang urube geni, padha kaget mengerteni Badrun kang dumadakan nangis sesenggrukan sinambi ngrang­ kul wit asem. Ing pamikire wong sapasar: Badrun edan jalaran

ora kuwat nampa kanyatan kaya mangkono.

150 | Antologi Cerkak