Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/165

Kaca iki wis divalidasi

Iki keprungune aneh, geneya Janto sing saben dina muthek ana laladan kono nganti ora ngerti minggate Rusti. Kamangka ing wektu-wektu sakdurunge, apa wae kerep blaka karo Janto. Ngelu mules, padhang utawa peteng, Rusti kerep wadul. Pisan maneh, wingi kuwi karasa aneh. Wong wadon sing duwe esem manis iku kaya katlisut ing bundhetan wengi. Ilang lan angel kalacak.

“Kowe harak cerak karo Rusti lan ajeg dikongkon ta, terus kapan kowe isih bisa nyipati anane Rusti?” Dirga nggujer maneh.

“Sore, dheweke isih kongkon aku nukokake rokok lan bal­sem. Bubar kuwi watara jam papat bangun wong-wong padha opyak yen Rusti ora ana. Ilang...!”

“Kowe ora dipamiti?”

“Lho yen pamit, jeneh ora diarani minggat!” swaraku keprungu sengak.

“Uedan tenan kok,” Dirga misuh, lan Janto malah nyimpen cubriya.

Nyandhak telung sasinan ilang, Rusti pancen isih dadi kembang lambe, nadyan wis ora kaya wektu-wektu sakdurunge. Wingi-wingi kabeh padha kojah Rusti sing minggat. Embuh ana gerdhu rondhan, pasar, warunge Yu Rikem, bengkele Kang Jiman, malah teka kantor kelurahan. Ora enom ora tuwa, gedhecilik, lanang-wadon, waton kesandhung jeglug sing dirembug Rusti minggat. Rusti lunga tanpa pepoyan.

Malah ilange Rusti uga ngecerake pirang-pirang dudutan. Ngalah-ngalahke isu politik bab pilkada. Ana sing ngandhakake Rusti minggat amarga digawa oknum pejabat kang nyingidake Rusti kanggo bojo simpenan. Nanging, ana maneh yen Rusti lunga digawa menyang Jakarta dening sawijine germo, ana kono arep digolekake dhuwit sing luwih gedhe. Merga wong kaya Rusti bakal madolake yen digawa menyang metropolitan.

Ewasemana ana maneh sing ngojahake yen satemene Rusti wis mati. Rusti dadi salah-sijine kurban mutilasi dening wong lanang kang ora tanggung-jawab. Berita kriminal teve ing keri-

154 । Antologi Cekak