Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/166

Kaca iki wis divalidasi

keri iki ngandhakake ana saweneh kurban mutilasi ditemokake ing tumpukan sampah pasar lan dinuga kurbane wanita umur te­lung­puluhan. Teka saiki durung kawiyak sapa identitase kur­ban, mula ana sing ngandhakake yen kuwi satemene jasade Rusti.

Dene kabar sing keri iki luwih nggegirisi. Rusti saiki wis dadi roh klambrangan kang nate ngetoki warga kene. Wewujudan iku asring jumbedhul ing lingsir wengi, wewayangane gawe githok mengkorog. Ora sithik kang padha kojah yen sukmane Rusti wayah panglong nasak kampung kene, sarta pungkasane ilang ing makam kang tinemu ing poncot kampung. Maneka dudutan iku selot nambah giris sarta ngedab-edabi bab ilange wong wadon sadrajate Rusti, iya wanita pelanyahan iku.



Sore iku krasa ampang, pindha kembang tebu garing, prithil saka rosing pangarep-arep tumuli kendhang katut kabuncang angin. Atine Rusti semplah. Uripe selot katindhih maewu-ewu boboting sesanggan. Dheweke saiki ora beda manuk sriti kang koncatan pencokan. Bingung, jibeg, keblat uripe selot lamat kaya kaseret wanci sore iku kang sangsaya rubuh mangulon. Udakara telung sasi Rusti manggon ing omahe Mbahe kang wis urip ijen, awit katinggal mati sing kakung. Papan iki pinitaya aman lan omber kanggo nglunturake aboting sesanggan. Lan, kang luwih baku, bisa nyingkiri pambujunge Dirga.

“Ora ana salahe kowe nyoba nampa kekarepane wong lanang kuwi, Ndhuk,” pratelane Mbahe ing sore iku. “Aja banjur mbokgebyah-uyah, kabeh wong lanang sing nyedhaki awakmu duwe ati julig. Gusti nyipta manungsa iku klawan kawernan, ana putih lan ana ireng. Bisa wae sing mbokadhepi wingi sarwa ireng. Nanging, sapa ngerti Dirga teka ing wektu saiki kanthi ati putih?” pangarihe Mbahe.

“Aku wis jinja, Mbah. Ora mung pisan iki wong lanang darbe karep bakal ngajak aku urip bebarengan. Nanging, nyatane, kabeh mung ninggalake tatu. Tatu kang wekasane

Nalika Rembulan Bunder

155