Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/167

Kaca iki wis divalidasi

nganti nyeret aku mapan ing jagad lethek kaya saiki,” mripati Rusti kembeng-kembeng.

Pancen iki dudu pengalaman kapisan, kepara wis makaping. Tan wurung kabeh mung nabetake rasa pingget. Janji-janji sing nate katampa pungkasane palsu. Prasetya lamis. Katresnan kang karajut kanthi landhep nepsu. Manis ing ngarep, jebul ing mburine pindha welat. Ngiris-iris tekan poncot ati, perih lan perih kang rinasa.

“Ora Mbah, aku tetep ora gelem. Aku pengin tetep ndhelik ing papan kene. Aku kepengin ijen wae. Ijen nganti sarampunge uripku,” mangkono wusana Rusti tetep kukuh.

Wong wadon tuwa sing ana ngarepe Rusti ora bisa kumecap. Atine katut getir, mrinding krungu wangsulan iku. Sapandurat bisa ngrasa apa kang lagi nggubet laku uripe putune siji iki. Sakala dheweke ya ora kuwawa ngipatake rasa dosa kang mlintir ati. Geneya Rusti nganti kedharang-dharang uripe, malah keblasuk ing wewengkon lethek. Wewengkon nistha kaya sing dilakoni wektu saiki. Balik wong wadon tuwa kuwi uga ora kuwawa ngampah tumiyunge rasa trenyuh. Dhadhane kaya kabandhulan sewu watu, ngondhog-ondhog, keranta-ranta.

“Oalah, Ngger…,” batine njelih, ana prentul luh nggaris kulit pipine sing selot kisut. “Rusti, kowe aja dhemen ndhisiki kersaning Gusti….”

Tangan kang selot ringkih iku bali ngelus-elus rambute Rusti. Mangkono Rusti kaya nemokake ngilak-ilake samodra katentreman. Atine rumangsa uwal saka panjireting sesanggan kang mataun-taun nali uripe. Tangan ringkih kuwi tetela kadidene tetes banyu kang rosa nyiram rereget dhadhane. Pangelus-elus kang datan nate ditemokake ing tangane ibune dhewe, duk semana. Mangkono sih welasing Mbahe pindha mutiara kang nambal tatu-tatu uripe. Uga lir wit-witan gedhe, ngrembuyung ngeyomi Rusti saka udan lan panasing urip. Dadi papan teguh ngendhani saka pambujunge Dirga.

156 । Antologi Cekak