Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/168

Kaca iki wis divalidasi

Pancen Dirga kadidene wewayangan peteng sing bali nglela ing uripe Rusti udakara setengah taun iki. Wewayangan kang babarpisan ora dikarepake Rusti. Priya sing wis ora enom maneh kuwi kawitane njedhul kaya pacake wong lanang-lanang liyane. Nemoni Rusti, nemoni wong wadon sing kandhane bisa sawetara nglalekane sesanggan uripe. Nanging, ing pungkasane, ana rasa nyalawadi kang nggubet atine Dirga. Wong lanang iku darbe niyat urip bebarengan klawan Rusti. Niyat kuwi sing mungguhe Rusti kadidene jumbedhule geni kang mangalad-alad, siyaga ngobong uripe, ngobong jiwa, ati, lan rasane saengga remuk dadi awu.

“Aku dudu kaya priya-priya sing nate mboktemoni salawase iki, Rusti,” pratelane Dirga seminggu sadurunge Rusti nekat minggat ninggalake papan nistha iku.

“Sepurane wae, aku wis ora percaya klawan omongane wong lanang, Dirga. Kalebu awakmu. Percayaa, aku wanita lethek sing kepara apal bab lambe lamis sarta pangglembuge wong lanang. Aku wis waleh, jinja,” Rusti kukuh ing panemune.

“Aku pancen dudu priya sempurna, Rus, werna-werna lelakon lethek uga nate daklakoni. Abang birune laku wis dak­ srambah. Nanging, apa banjur aku lan uga awakmu ora duwe hak ngowahi lakon urip. Aku lan awakmu rak padha klawan wong-wong ing njaba kono minangka titahing Gusti. Pancen aku lan kowe dudu pihak kang wasis ngomong bab bener sarta bebener. Malah aku lan kowe kinaran manungsa lethek, manungsa sing darbe drajat paling asor. Ewasemana, aku njaluk klawan awakmu bisaa nanggapi niyat becik iki. Ayo bebarengan ninggalake papan iki, mahargya dina sesuk klawan sunare rembulan kang bunder, sumeblak padhang,” pratelane Dirga tuwuh saka palunging ati.

“Cukup, Dirga, cukup…, embuh apa wae sing dadi omo­ngan­mu aku angel ngowahi prasetyaku. Kareben wae aku nglakoni apa sing wis dadi pilihan uripku. Embuh iki jenenge

keblasuk apa araning garis pesthi. Embuh iki luput apa salah,

Nalika Rembulan Bunder | 157