Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/169

Kaca iki wis divalidasi

aku ora idhep. Mbokmanawa wong-wong kae ngandhakake aku nistha, jalaran laku uripe ora kaya sing tumama ing uripku. Kabeh awit ora nglakoni kadidene sing daklakoni. Ora ana sijia ing jagad iki sing ngarepake dadi wanita lethek kaya aku. Nanging...,” Rusti ora kuwawa mbacutake omongane.

Lambene dadi kaku. Angel kumecap, amung luhe wae kang bisa pratela. Luh kang nelesi pipi iku kaya ngandhakake mendhak mendhukule lelakon sing nate gumelar ing jangkah uripe. Saka wiwit cilik katinggal ibune, darbe ibu kewalon, lan wusana rila urip ijen nganti dewasa. Dene pucuking nasib peteng iku nalika kablenjani Kuntara, priya gegantilaning atine. Priya sing mulane kapitaya dadi wewangunan kukuh kanggo ngeyupake uripe. Kanggo nambal nasibe sing wiwit cilik wis suwek rowak-rawek. Nanging, Kuntara jebul priya sing wengis, tega ninggalake dheweke klawan satumpuk wisa. Mangkono Rusti kayadene tiba ing jurang wola-wali, kabentus ing landhep watu, ketangsang ing eri bebondhotan.

“Rusti, aku ora kepengin kowe kandha saguh wengi iki, nanging iki dudu ateges aku ngalah. Kowe kudu percaya yen niyatku kuwi tulus, tulus banget,” mangkono Dirga banjur jumang­kah saka kamare Rusti. Ninggal Rusti ijen, kabidhung rasa bingung.

Dawa pangulur tali lamunane Rusti dumadakan kasandhet. Angen-angene kang ngudhar bab alesan geneya dheweke kudu minggat wektu iku kaganggu swara aneh. Swara kang nuduhake ana wong sapirang-pirang gembrudug ing omahe Mbahe wengi kuwi. Keprungu ing kupinge swara kang banget rame, ora let suwe wong-wong mau klawan mripat abang ngampah rasa nesu katon kepung ing ngarep omah. Rusti kaget lan uga bingung, lagi ana kedadeyan apa iki? Semono uga Mbahe, wong tuwa iku dadi geter lan wel-welan.

“Ayo kudu lunga…!”

“He… Rusti kowe kudu minggat saka papan kene!”

158 । Antologi Cekak