Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi
Ali-Ali Mata Biru
Darsono

Saben-saben wektu Prasojo ijen ngudhar gagasan. Kaya-kaya dheweke ora bisa mikir nganggo jejeging nalar, Senajan mung rupa ali-ali sing matane biru, barang mau gawe judheg lan sedhih ing ati. Ali-ali kuwi tilarane swargi keng ibu. Piwelinge ibu swargi, yen ali-ali iki bakal bisa mbiyantu Prasojo anggone nemokake wanita sing dadi jodhone. Watone ali-ali mau uga ketemu pasangan utawa kembarane, Nanging, kepriye carane nggoleki lan nemoake jodhone ali-ali kuwi mau. Ora ana tandha- tandha utawa pituduh sing teges lan cetha ana ngendi lan sapa sing nggawa pasangane ali-ali kuwi mau.

Ora dipercaya nyatane saben-saben Prasojo ngrajut talining katresnan karo wanita mesthi cabar tanpa gawe. Pungkasane malah nandhang tatu ati. Nining sing jare kandha tresna marang Prasojo tan wurunga ninggal lunga gandhengan karo priya liya. Prihati kenya kang janji sehidup semati bakal gemati nanging apa kasunyatane. Prihati malah dirabi Jayadi sing dadi kanca kenthele Prasojo, Apa kelakon Prasojo bakal dadi jaka tuwa sing ora bisa nyandhing wanita minangka gantilaning nyawa.

Dipercaya, nanging nyatane engga seprene durung ana trontong-trontong masalah bakal udhar, Arep ditakokake marang wong pinter, Prasojo kuwatir keblinger. Kepriye wae Prasojo kuwi jejering pendhidhik sing mulang muruk ing reh kautaman, Pendhidhik kang dadi kedhunging ilmu lan nalar

6 | Antologi Cerkak