Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/170

Kaca iki wis divalidasi

“Yen ora lunga bengi iki, omah iki takobong!”

“Kampung iki dudu papane wong wadon kaya kowe!”

”Lunga! Lunga…, lunga...!”

Saur manuk swara sing kawungkus rasa nesu, gething, sengit, lan ngigit-igit iku kaya jumbedhoring mriyem kang mbre­begi kupinge Rusti. Wong wadon iku selot bingung bakal tumindak kepriye. Dheweke amung bisa ngruket kenceng Mbahe sing uga kaweden, pucet lan ora darbe daya apa-apa. Na­­nging, wong-wong lanang mau prasasat ora gelem mendha, kabeh ora rumangsa yen sing diadhepi iku jejering wanita, titah ring­kih, titah sing mokal bisa ngimbangi kekuwatane. Kepara ana salah sijine saka wong-wong iku wis nyuntak bensin ing pe­ rangan omah, tetela ancaman bakal ngobong papan kuwi dudu sembranan. Ora suwe maneh omah kuwi bakal dadi samo­ draning geni. Kobong sakabehe.

“Mandheg! Hayo mandheg…!” saka kadohan keprungu swara banter, swara kang kasil nyandhet tumindake wongwong kang keliwat daksiya mau.

“Kabeh aja padha tumindak sageleme dhewe, apa kowe ora nyawang yen sing mbokadhepi iku jejering wanita. Pribadi sing ringkih yen katandhing kekuwatanmu,” jebul sing wani miyak lan nyandhet trekahe wong-wong iku ora liya Dirga. Embuh saka ngendi asale wong lanang iku, ngerti-ngerti kandha sora sarta wani.

“Kowe sapa?” salah-sijine saka wong-wong kang ngamuk mau pitakon.

“Aku Dirga, aku dudu apa-apane mring wong wadon iki. Apa alesane awakmu daksiya klawan dheweke? Apa sing dadi salahe?” Dirga balik pitakon.

“Apa urusanmu, wong wadon iki bakal gawe rereget ing papan kene. Dheweke wanita lethek kang bisa gawe ala ana papan iki,” sawijine nom-noman liya kang luwih perkasa sumela

maju nanduki pitakone Dirga.

Nalika Rembulan Bunder | 159