Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/171

Kaca iki wis divalidasi

“O ngono, apa banjur kowe kabeh sing nedya ngobong omah iki rumangsa luwih resik katimbang wong wadon iku. Tumindakmu sing sakgeleme dhewe lan padha daksiya iku luwih suci?” pratelane Dirga maneh. “Aku sarujuk klawan tekad­mu sing nedya gawe becik ing panguripan iki, nanging yen ngono caramu apa wis bener? Kautaman mono kudu ka­ budi klawan cara-cara utama uga, dudu laku daksiya ngono kuwi. Mula becik kowe padha…,” durung nganti tutug apa sing kepengin dikandhakake, tanpa kanyana Dirga kejungkel dening tangan kumlawe saka nom-noman perkasa mau.

Dirga emoh kalah, dheweke tumuli nyoba ngadeg. Na­nging, durung nganti jejeg anggone ngadeg, nom-noman liyane wis maju bareng milara Dirga. Wola-wali awake Dirga kajotos, kaantem, katendhang, malah ana kang migunakake kayu kanggo nggebug awake. Rusti lan Mbahe bisane amung jelih-jelih, datan bisa tumindak apa-apa. Untung wae lelakon sing gawe miris iki ora kebanjur-banjur. Dhor...! Sawetara petugas polisi teka nyandhet kang padha milara Dirga. Nom-noman kang tengahe tumindak kejem mau age padha mundur, lan bubar. Tinggal glanggang colong playu.

“Candhak kowe, Dirga!” mangkono polisi mau age masang borgol ing tangane Dirga, wong lanang iku datan bisa suwala.

“Ngapunten Mbak, wong iki jambret sing wis suwe dadi buron. Mula dheweke bakal dakgawa menyang kantor,”kandhane polisi marang Rusti. Sabanjure Dirga kaglandhang lan kaunggahake mobil patroli. Saklebatan Rusti bisa nyawang praupane Dirga kang tinumpukan rasa salah. Nadyan lamat-lamat, Rusti uga bisa maca lamun mripate Dirga pisan maneh gan­ drung karilan atine. Sorot mripat iku darbe werna seje, kliwat resik sarta tulus.

“Rusti…,” mangkono Dirga kandha lirih sadurunge jumangkah ninggalake papan kono.

160 । Antologi Cekak