Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/172

Kaca iki wis divalidasi

Wanita kang sinebut jenenge iku amung meneng, datan kuwawa kumecap. Nanging, ing pojok ati katali rasa trenyuh. Gawang-gawang ing batine bali krungu, marang apa kang nate dikandhakake Dirga sawetara dina kepungkur, “Ayo bebarengan ninggalake papan iki, mahargya dina sesuk klawan sunare rembulan kang bunder, sumeblak padhang.”

Embuh atine Rusti kaya kairis nalika mobil patroli sing nggawa Dirga ilang saka panyawange. Wengi sangsaya mblandhang adoh, ing langit katon maewu lintang kanthi sorot kang beda-beda, gedhe lan cilik. Dene rembulan bunder kepleng nyempurnakake kaendahan wengi. Nyipta sunar kang anelahi, nyipta sunar anyar uga ing atine Rusti.

***

Yan Tohari, lair ing Klaten, 23 Mei 1969. Jeneng asli Sriyana lan asring migunakake jeneng singlon Yan Tohari. Wiwit sinau nulis bab sastra Jawa nalika lulus SPG Negeri Klaten tahun 1989. Taun 1992 sinau nulis sastra Jawa ing Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY). Asile saka manunggal ing SSJY kasil melu nglairake ing sawetara antologi geguritan, kayata Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta (1992), Kaca Pangilon (1994), Pesta Emas (1995), Rembuyung (1997), Pisungsung (1997), Bandha Pusaka (2001), Senthong (2008), Sesotya Prabangkara ing Langit Ngayogya (2014), Antologi Geguritan 200 Gurit Modheren Saking 3 Provinsi: Ing Sawijing Wektu Mengko (2019), lan buku antologi tunggal geguritan Mung Aku lan Sliramu (2020).

Sawernaning tulisane wis kamot ing Kedaulatan Rakyat, Bernas, Suara Merdeka, Surabaya Post, Solopos, Jawa Anyar, Damarjati, Pagagan, Sempulur, Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Mekar Sari, lan Swaratama. Prestasi ing penulisan nate tampa Penghargaan Sinangling (1995) saka SSJY lumantar geguritan kang sesirah “Manggung Kanthi Tesbih". Taun 2018 cerkake Saunting Alang-Alang juara III Lomba Penulisan Cerkak Yayasan Karamel Malang.

Saiki minangka guru PNS ing sekolah dasar wewengkon Sumber, Trucuk, Klaten, lan terus tekun nggeluti sastra Jawa sarta seni budaya Jawa liyane. Uga ngayahi sawijine penerbitan koran lokal Klaten Joglo

Nalika Rembulan Bunder | 161