Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/174

Kaca iki wis divalidasi
Nasibe Timun Wungkuk Eko Wahyudi Merapi


“Yen ngono enggal budhal, selak mesakke, mengko gek kudu kepiye, perlu apa ta apa, pokoke enggal tekan kana!”

Sugi mbingungi lan ora sranta. Selak kepengin nyatakake kaha­nane Tarjiyo. Kabar saka pawongan kang jare nyipati kedadeane iku banget gawe bingunge Sugi sakulawargane. Sugi kang baune wiwit ringkih merga ngunduri tuwa iku ora maelu. Wektu iki uga kudu enggal weruh Tarjiyo anak lanang siji-sijine dikabarake disel ing kantor pulisi. Sidane Sugi diboncengake sisan dijujugake menyang kantor pulisi.

Ana ndalan, ing boncengan motor, Sugi mepetake awake ing gegere Sarno. Ya pawongan iki mau nepungake jeneng Sarno, sadurunge aweh kabar ngenani Tarjiyo kang dikurung jalaran nemahi kacilakan. Eh, nemahi cilaka. Tarjiyo nabrak wong nyebrang dalan nganti dadi lan tiwase. Pulisi kang niti priksa ing TKP banjur nggawa Tarjiyo lan barang buktine wujud motor menyang kantor pulisi. Awake Sugi pancen ora pati lemu, nanging ya ora kuru-kuru banget, sadhela-sadhela mepet ing gegere Sarno, penere semendhe ing geger, pancen krasa ngebotboti. Ngewuhi nggone Sarno nyetangi motore. Apamaneh nalika ngliwati dalan-dalan rumpil pating jeglong, menggak-menggok, gek ana ing perengan. Sarno durung tau ngambah dalan

gunungan iki. Ya sepisan ji iki bae bot-bote kepengin aweh kabar kulawargane Tarjiyo.

Nalika Rembulan Bunder | 163