Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/175

Kaca iki wis divalidasi

“Niku tiyange leres pun ninggal?” pitakone Sugi sora lan sengaja dicedhakake kupinge Sarno. Kuwatir menawa ora krungu sebab kupinge Sarno ketutup helm. Sajane atine Sarno rada mbedhedheg, ora jeneng wegah semaur, nanging pikirane lagi kepengin tenang milih-milih dalan kang ora njeglong utawa pating gronjal merga akeh watu-watu kricakan aspal tuwa kang padha pating blengsah ing tengah dalan. Sauntara Sarno meneng bae. Sugi ya ora mbaleni takon, nanging katon ngenteni banget wangsulane Sarno. Batine isih duwe pengarep-arep mbokmenawa durung tekan patine. Dadi urusane mengko bisa rada aso, longgar anggone golek cara lan ragad kanggo nam­ bakake ing rumah sakit apa dhukun sangkal putung. Pengareparepe Sugi pupus merga Sarno banjur manthuk tandha mbene­ rakake kahanan tiwase kurban. Sugi angluh. Nanging banjur mepet maneh ing gegere Sarno

“Lha waune pripun ta, sing salah anak kula napa tiyange kurang pengati-ati?”

Breng! ambune mbako klembak menyan pating slusup ing raine Sarno. Saperangan kaya tememplek ing gabus-gabus helme. Ambune ora ilang-ilang gawe seseg ambegane Sarno. Senajan lakune motor rada dibanteri lan angin nampeg kaca helme, nyatane ora kuwawa nggurah ganda udud cara ndesa.

Desa Karanggayam iki kawentar banget tetanene mbako. Ora mung cacahe petani kang akeh, nanging mbakone jare kang wis nggathok udud tingwe,nglinting dhewe, luwih anteb mirasa dibandhingake karo mbako dhaerah liya. Sarno ora mangsuli, playune motor dibanteri maneh sawise ngambah dalan aspal kabupaten. Cetha luwih alus lan wis apal arah-arahe.

“Dadi legan golek momongan tenan ki,” batine Sarno grundelan. Niyate kepengin tetulung, malah dadi ribet. Apa wong tetulung iku pancen kudu nemahi ribet? Dijlentrehna perkarane wong lagi ngoyak kahanan lan ana ndalan, yen ora diwangsuli kok nrecel takon bae. Wong tuwa siji iki kudu

164 । Antologi Cekak