Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/176

Kaca iki wis divalidasi

dimaklumi. Sejene nembe bingung marang kabar keslametane anake lanang, uga ngaton-ngatonake yen ora nate lungan motoran. Ngerti dalane angel, kok dipadhakake mirunggan kaya yen pas wedangan. Mbokyao takone mengko bae nek wis tekan, utawa malah takon dhewe langsung marang Tarjiyo anake lanang kang dinuga ngilangake nyawane liyan kuwi. Ya mesthine pancen ora nate lungan. Ngendi ana wong tani bisa lelungan, apamaneh plesiran. Apa ora jeneng buwang-buwang wektu lan ragad. Becik kanggo tilik tanduran ing sawah utawa alas. Awake sehat bergas, ora kelangan dhuwit, ora kakehan perkara sing digagas. Mula wong tani utun racake uripe ayem tentrem merga luwih bisa ngrumangsani ora kakehan duga. Memangan cukup asile tetanen, ora duwe panjangka kang werna-werna. Cukup sadrema nglakoni kodrate minangka wong desa, wong prasaja.

Lha yen ora nuruti kekarepane anak, jare kepengin luwih mukti, Tarjiyo kuwi ya cukup nerusake penggaotane wong tuwa. Garap sawah lan alas kang isih jembar butuh tenaga rosa, ditanduri mbako apadene palawija liyane. Sawah gadhang sing kidul desa ditanduri pari. Perangan galengan diturahi sethithik kanggo nandur janganan. Lombok, tomat, timun gambas, lan palagumantung liyane. Ora ketang timun-timun wungkuk ya ngundhuh, Lombok-lombok kriting ya methik. Panene ora entek kanggo nyukupi kabutuhan padinan tekan mangsane panen maneh. Iku wis klebu kanggo rukun tangga brayan ing masarakat nalika tangga teparo lan sanak sedulur padha duwe gawe slametan. Sauger ing senthong ngarep isih akeh tumpukane gabah, rasane wong tani iku kaya nyandhing emas barleyan. Uripe isih cukup dawa. Dinane isih tekan jabalkat. Embuh dhaerah ngendi kuwi? Wong kuwi tembunge simbah kanggo ngarani paran kang ora ana watese.

Mbokmenawa pancen dadi jamane, bocah enom saiki ora krasan saba sawah. Sawahe didol taunan utawa saora-orane

maro utawa diburuhake. Madeg juragan critane. Tarjiyo wingi

Nalika Rembulan Bunder | 165