Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/177

Kaca iki wis divalidasi

sore pamit yen esuke kepengin budhal gasik menyang kutha. Ujare kepengin golek pasuwitan ing negara. Kepengin dadi priyayi kang ngundhuh gaji saben wulane. Tarjiyo ora kepengin adus kringet lan gluprut lendhut. Tarjiyo dudu kebo lukon kang diperes tenagane kanggo ngoyak butuh cukup memangan. Dheweke kepengin dadi wong kajen keringan.

“Pun dugi Pakdhe, mangga pinarak mlebet mrika. Mite­ rang mawon kalih pak pulisi sing jagi piket nika mengkeh rak diparingi katrangan.” Sarno njagangake motore sinambi ngara­ hake Sugi kang isih rada bingung.

Kantor pulisi iki wis mlebu wilayah Purworejo. Rada marem anggone numpak motor. Bokong rasane kaya dirubung semut. Meh sajam nembe bisa tekan. Tegese Sarno luwih seka rong jam mangkat mulih. Klebu nalika kudu takon-takon penere alamat kang diwenehake Tarjiyo. Ngertine Sarno Kebumen iku parane mengulon, dene Karanggayam iku isih kudu ngalor kurang luwih meh setengah jam laku motoran. Beteke tetulung ditohi rekasa ora dadi ngapa. Muga-muga dadi amal kabecikan.

Sugi wigah-wigih anggone mlangkah. Ora kaya kemrung­ sunge karep nalika sakal nampa kabar. Bola-bali wong desa kang arang saba kutha, weruh kantor pulisi iki rasane kaya mlebu alas gung. Mangka saben dinane dheweke ya mlebu metu ngalas kang samun. Garap tanduran mbako ing pereng-pereng gunung yen pinuju ora ana barengane, genah nyenyet. Wong ana barengane bae ora bisa sinambi ngobrol merga jarake pategalan siji lan sijine saking adohe. Yen ngepasi tandurane mbako wiwit dhuwur, blegere wong dadi angslup kaya dikrukubi godhonggodhong mbako. Saiki, sing diweruhi dudu tanduran mbako. Dheweke mung weruh ana pulisi loro udud klepas-klepus lungguh ing teras piketan. Sugi mangu-mangu arep takon.

“Genahe kepriye wong tabrakan kok kaya maling utawa tumindak kriminal. Ndadak dikunjara barang. Ribet temen. Mbok ya dijaluki tanggung jawabe bae rak wis cukup. Tarjiyo ki

166 । Antologi Cekak