Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/178

Kaca iki wis divalidasi

sangertiku ya anak mituhu, sekolahe ya cukup dhuwur. Weton SPG anyaran arep neter kapityan ing kutha. Malah kandheg merga kena sengkala,” panguwuh-uwuhe Sugi mung ana angenangen. Ora wani blaka marang pulisi sing saiki ana ngarepe. “Jane rak ya ora papa yen mung takon, mosok arep dibedhil. Ning yen ana sangkutane karo Tarjiyo mengko gek diundha­ mana. Wong numpak motor ora duwe duga. Nabrak wong nganti kelangan nyawa. Kuwi jenenge nyilakani, ngilangi hak kamanungsan. Kuwi luput lan dosa gedhe. Mula kudu dipatrapi ukum.” Ing batine Sugi gari perang panemu dhewe. Malah kaya ngundhamana dhewe. Mangka pulisine kawit mau ya meneng bae kejaba sedal-sedul udud pabrikan kang jare cap Plat Merah.

“Pripun Pak, enten napa kok mendel mawon kawit wau. Mriki pinarak!”

Pulisi sijine nanjihake kepreluane Sugi. Patrape wong piket kang kudu aweh leladi marang tamu, marang masarakat kang mbutuhake katrangan apa bae gayutane karo kapulisen. Sugi dadi gemeter awake bareng ditakoni pulisi. Apa ana sing aneh? Apa ana sing medeni? Kegawa kahanan kang durung cetha, sidane mung ngetutake ilining rasa antarane wedi, kuwatir, lan buntute perkara tundhone.

“Anu Pak, niki bapake Tarjiyo ingkang wau enjing nabrak Pak Ngadi.” Sarno aweh wangsulan ndunungake perkara kedadean tabrakane Tarjiyo karo Pak Ngadi.

“O, mriki pak, lenggah!”

Sugi nuli lungguh ing ngarepe pulisi loro.

“Ampun dados penggalih nggih, putrane pancen kula lebetaken, sebab ngawekani kedadosan werni-werni. Saged ta putrane niku mlajar boten tanggung jawab utawi keselak kenging pengamuke warga ingkang boten trima. Senajan putrane dereng temtu lepat. Ning kedadosan enjing wau, sakal Pak Ngadi nemahi tiwas. Saniki tesih ten rumah sakit kangge otopsi. Kalih

kulawargane nggih pun trimah ajeng dibeta wangsul enggal

Nalika Rembulan Bunder | 167