Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/179

Kaca iki wis divalidasi

disarekaken. Ning niki perkara ukum, perkara kalih kulawarga korban dereng cekap. Mangga mengkeh dirembag sing sae. Sawetawis Tarjiyo tetep kula tahan. Jenengan dados wakile rembugan, ngiras pantes kalih layat mengkeh!”

Akeh katrangane pulisi mbanyu mili nganti ora sumela pitakonane Sugi. Sugi dhewe tambah pucet ora ngira bakal nam­pa katrangan kaya ngene. Ora nganti etungan kaping lima, awake ambruk nglempreg semendhe ing kursen lungguhane. Sugi dadi gotongan.

Kedadean telung puluh taun kepungkur iku, mungguhe Tarjiyo ora bakal bisa dibusek saka pojok atine. Pojok mripate tansah tom-tomen yen saben-saben nyipati gambar-gambar kacilakan ing kaca maya. Tipi lan hapene sasat saben dina nyu­ guhi berita-berita kacilakan. Embuh sing biyasa, tatu-tatu cilik, nganti kang gawe giris ati sebab korbane kang nemahi tiwas nelangsani. Saben-saben nampa berita kaya ngono iku enggalenggal dibusek. Disingidake. Anak-anake ora prelu ngerti sejarah uripe kang banget njarem, kepengin urip mukti ndadak ketemu banten pepati.

Saiki Sugi, bapakne ya simbahe bocah-bocah wis sumare merga kegawa gerah tuwa. Dadi ora bakal ana dongeng peteng marang putu-putune. Tarjiyo krasa aman. Nanging gorehe ati lan pikiran sapa bisa nyingidake. Upama kewaca anak bojo, bola-bali ya isih kasil dienggokake. Tarjiyo wis klakon dadi guru pegawe. Tarjiyo sida mukti ngugemi suwitane. Labuh labete marang jagading pamulangan banget gawe bombong atine. Ya klebu atine anak-anak lan bojone. Pancen kekarepane gedhe, sawise rong taun masa kerjane banjur pamit kepala sekolahe kanggo nerusake kuliyah tingkat sarjana. Ora nganti kesuwen gelar sarjana kasil tinulis ing mburi jenenge. Tarjiyo, S.Pd. Wongwong desa tanggane melu seneng, kurmat marang dheweke. Saora-orane bakal dadi jujugan njaluk wewarah anak-anake. Setaun bacute kasil dadi guru teladan kabupaten. Dadi sansaya

168 । Antologi Cekak