Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/180

Kaca iki wis divalidasi

gawe kawentar jenenge ing kupengan warga Karanggayam lan kiwa tengene. Sawetara open-opene alas mbako dipasrahake Rajiman kang pinercaya. Warisan tinggalane Sugi bapakne ora bakal keconggah yen digarap dhewe. Mula sisan bae kanggo ngugemi prasetyane minangka pegawe lan guru, ora arep gawe kuciwa murid-muride, sawah lan tegalan diburuhake kabeh.

Sore-sore udane deres. Mangsa udan kang suwe ditunggu-tunggu para among tani sida teka. Bledheg gedhe nyamber-nyamber kaya dene mardika nelakake uneg-uneg kang suwe sinengker. Tarjiyo kang leyeh-leyeh ing teras ora gage-gage mlebu. Udan deres banget ditamatake. Banyune kaya disuntak sanalika saka langit. Lemah-lemah nela ilang lan bali rapet. Banyu udan kuwi kang gawe rapet. Cesss. Hawa adhem mram­ bat mlebu nembus kulit-kulit ari. Nembus pegah lan sumpege kahanan ketiga ngerak. Mbako-mbako ing alas wis mangsane dipanen. Banyu udan jare ora apik kena mbako. Pas. Udane teka mbakone lunga.

Hape ing tangane Tarjiyo kekejer. Ana tilpon saka nomer kang durung ditepungi. Nomer kang ora sumimpen ing memo­ rine cetha amung katon jejerane angka-angka. Tanpa rasa sujana, nuli dipejet perangan gambar tilpon lan diusapake pener warna ijo. Sakala ana swara magita-gita ngundang jenenge.

“Leres niki Pak Tarjiyo guru?”

“Inggih, leres, sinten nggih?”

“Saking Rumah Sakit Sumber Waluyo, Pak?”

“O nggih, dospundi, wonten punapa nggih?”

“Niki putrane ten rumah sakit seg ditangani dokter, enggal tindak mriki nggih, kahananipun mutawatiri sanget.”

Dheg! kejot jantunge Tarjiyo krasa mandheg. Pikirane gugup. Udane tansaya deres. Bledhege uga tansaya rosa nywara pating jledhor ing kupinge. Kabeh mau rasane mung kaya banyu

mili kumricik ketilep swara tilpon saka rumah sakit kang rasane ngluwihi sorane bledheg.

Nalika Rembulan Bunder | 169