Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/181

Kaca iki wis divalidasi

“Pak … Pak Tarjiyo …?” swara tilpon sing jarene saka rumah sakit iku isih nanjihake bisa orane Tarjiyo. Nanging Tarjiyo isih kegawa rasa dheleg-dhelege. Rasane percaya lan ora. Geneya prastawa-prastawa klawu iki isih ngrungkebi uripe.

“Ngertia kaya ngene rak ora dakidini budhal. Keduwung rak mesthi tiba mburi,” panggresahe Tarjiyo. Sejam sadurunge kedadean iki, Nastiti pamit budhal les me­nyang kutha. Jarene kepengin neter kapityane sesuk yen melu tes ing lembaga kedinasan negara. Cetha ngarah kamukten luwih onjo. Cekel gawe ing kantor layanan pajak negara iku rak gajine gedhe. Tur maneh mokal wong wadon arep open-open sawah lan tegalan. Apa maneh nggarap lahan mbako kae. Bocah lantip iku banget gawe bombonge kulawarga. Lulusan SMA wingi kasil ing urutan telu sasekolahan. Orao nomer siji nyatane ya wis gawe marem.

“Uh, anu … inggih, kula enggal budhal saniki!”

Sejam bacute Tarjiyo lan bojone klebus nembus derese udan menyang rumah sakit. Nyatakake temenan kahanane Nastiti. Senajan jamane saiki akeh wong apus-apus kanthi kabar anak kang kacilakan, ing pikirane luwih percaya marang kabar iku. Rumah sakite cetha, isih ing kuthane. Gampang dijangka. Gek sore iki pancen niyat melu les. Ditelpon balik ya ora ana wangsulan. Ora prelu kesuwen, cekat-ceket wong loro bablas menyang rumah sakit.

Dalan kang diliwati padha karo telung puluh taun ke­pungkur dening Sugi lan Sarno. Kemrungsung. Mung bedane, saiki dalane wis alus. Dalan-dalan desa wis dicor beton. Ora tinemu sing pating jeglong. Tetep prayitna merga dalan corcoran iku yen mangsa udan dadi lunyu. Ora mokal bisa kepleset merga kepengin ngerem ndadak, ban dadi nglusut ora gelem mandheg.

“Pripun Pak Dhokter anak kula?” takone Tarjiyo isih kaha­nan gugup

170 । Antologi Cekak