Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/183

Kaca iki wis divalidasi

Dhokter lan para juru rawat ngancani Tarjiyo ketemu Priyo ing ruang UGD. Priyo nampa pitakonan kang padha karo pitakonan kanggo dhokter. Priyo uga aweh wangsulan gedheggedheg. Tarjiyo mlompong bareng oleh katrangan gedheggedheg iku jebul makili tembung durung utawa ora. Ora dicekel pulisi lan durung dikunjara. Sing nabrak iku wong nganggo sragam dhines kang ing pundhake mawa tandha pangkat gambar kembang mlathi. Tarjiyo nggeblag. Rumah sakit lan wong-wong ing sandhinge kabeh kaya dikrukubi gombal werna ireng. Anggane Tarjiyo nglumpruk pindha timun wungkuk.


Eko Wahyudi Merapi, lair ing Sleman (1977) asring nulis geguritan lan cerkak ing maneka kalawarta basa Jawa. Karangane kang dibabar wujud buku

antologi geguritan, yaiku Prasasti (2014), Lathi (2020), bebarengan ing antologi geguritan lan cerkak Serat (2016), lan Ketawang Angen-angen (2019). Sejene nulis uga dadi guru ing SMPN 1 Karangsambung, Kebumen. Alamat kontak: 085385922898, facebook: Eko Wahyudi Merapi, instagram: eko_wahyudi77, pos-el: kinantiayano@gmail.com.

172 । Antologi Cekak