Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/184

Kaca iki wis divalidasi
Omah Didit Setyo Nugroho

Omah kuwi mung cilik wae, malah memper kaya cungkup kuburan. Isine mung ruang tamu ngiras ruwang kulawarga, senthong loro, pawon lan kolah. Temboke dudu saka bata ananging saka hebel sing diplester alus nganti ora ketok manawa digawe saka bahan empuk. Empyake saka baja ringan. ”Kersanipun mboten kedah nggantos ngantos Panjenengan tilaraken,” ujare pemborong nyoba gawe lelucon ananging krasa nabet ati kaya ndongakne kareben sing manggon ana kono cepet mati.

Sangkan ora nyalahake pemboronge. Mbok menawa pemborong kuwi nyawang gering ireng awake sing mung kari balung kabungkus kulit. Malah ing saperanganing awak katon pating klembreh kaya wis ora nempel maneh kulite. Sangkan mung bisa mingkem. Mripate nyaponi pyan ruwang tamu sing lampune wis rada mbleret, banjur ndingkluk mandeng mester omah. Isa ngrasake nduweni omah iki Sangkan kudu ngeklasake dhuwit tabungan pensiune ludes. Gaji pensiune uga kepotong nganti sepuluh tahun. Sangkan kala-kala mikir ngapa urip sepisan ing ngalam donya dheweke urung duwe omah kaya sing diimpekake, omah gedhe latar amba sing ditanduri maneka warna wit woh-wohan. Manawa wayah awoh lan mbarengi prei sekolah anak putune isa penekan lan playon ana plataran tanpa winatesan pager tembok kaya saiki.

Nalika Rembulan Bunder | 173