Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/185

Kaca iki wis divalidasi

“Muga-muga aku durung mati nganti utang saka SK pensiunku lunas,” gremenge ndemimil sak wise nglakoni salat wajib.

Sangkan mandeng tumlawung adoh. Mecaki dina kang kliwat kanthi rasa perih, Mbayangake kahanan ing sak ngarepe sang­saya surem njiret nasib.

“Kala-kala ana sing kudhu diomongke karo awake dhewe,” gremenge perih karo ngulu idu pahit kang nyangkut ing gurung.

Sangkan ora mentala ngedum kisruhing ati karo pawongan liya. Sangkan keweden manawa blaka mung dadi rasanan kanca-kancane lan mestine kuwi luwih nglarani tinimbang perih sing dilakoni.

“Rasa perih sadawane urip,” sambate Sangkan ananging banjur disambung cepet-cepet, ”Kowe ora gelem nyukuri baba­gan liya sing bisa weweh rasa syukur kang angluwihi.”

Sangkan nutugake gunem getire alon meh ora keprungu. Sangkan nyoba nglipur rasane dhewe karo ngengreng ngetung nasib sing diakoni karo kanca-kanca sakangkatane.

”Sakora-orane anak putumu kuwi kaendahan eksotik saka apa sing saksuwene iki mbok angen-angenake,” tutuge maneh luwih ngangah-angah, mung kanggo mateni rasa cuwa marang pagebluge urip sing bola-bali tumiba.

“Nlusuri sepining urip, kari pirang taun maneh, utawa pirang ndina maneh. Isa wae aku aku mung dadi mumi mbujung mangsa surup nalika sruwenge pikiran sangsaya midak pucu­ nging sirah,” guneme Sangkan meh ora keprungu nyoba mupus pepinginane urip sing ora ana enteke.

Amem sedela. Rupa tuwa wis tinatah kebak ngantem rai. Ora ana greget senadyan mung kanggo ngapusi awake dhewe. Dalane urip malah sangsaya mbundhet. Apa iki sing diarani owah gingsire pikir, nalika pikiranmu dudu pikiranmu, rasamu dudu rasamu, lan pengangenmu diaburne dening wewayangan sing ora cetha juntrunge.

174 | Antologi Cerkak