“Aku arep lunga nglayar,” gunem Sangkan ing kejeme nasib kang ngrakit kekarepan, ”bareng angin kemulan mendhung lan gegodhongan,” pandelenge ngoyot adoh ing suwunging sepi krubutan apusing pikiran.
Alon-alon kabeh sinigar mbenggang. Ngejarne Sangkan kebanting ing kepunthalaning pikir wewayanganing dina-dina kawuri. Kabeh mung sumarah marang pepesthening Gusti. Ana wewayangan endah putune playon ing pengangen kanthi esem lan cemlowone celathu, gegojekan ing mripate Sangkan kang setengah merem.
Mripat tuane Sangkan tumlawung maneh. Mblejeti sore kang bakal liwat kesingget peteng. Semrepete lapis-lapis pasahan wektu ora sangsaya padhang ananging sangsaya mingkus. Kaya kretane prabu Kresna miyak Tegal Kurusetra kang kebak jisim lan kali getih.
“Iki wangi sepi,” gremenge Sangkan maneh ing sajroning kahanan perihing nasib nancepake memala nglunturake pengarep-arep.
Pengangene Sangkan jempalikan maneh nyeret dheweke menyang kaperihan mangsa kepungkur kang njalari nasib mbanting marang kanistan. Gumawang maneh nalika ing tengah wengi manglung subuh Sangkan kudu bengak-bengok nggolek penumpang nggo ngebaki colt bensin sing dikerneti. Nandangi wong-wong sing pada mulih saka bara kangen kampung sing ditinggalake. Ing tengah wengi nrajang peteng Sangkan ngeterne wong-wong kuwi nganti tekan ngarep omahe lan Sangkan nampani opah kang luwih saka opah biasane.
Ananging, terminal dadi sepi sakwise Bambang mati. Rupa kakune Bambang mbrebes nglangak kebungkus karung goni kang dingo ngadhahi bathange. Mripate merem ing wening esuk kang isih kebungkus pedhut. “Bambang kena bedhil penembak misterius,” guneme Gendon kanthi rupa was-was kang nyuntak ing rai. Praupane pucet kebuntel wedi.
Nalika Rembulan Bunder | 175