Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/187

Kaca iki wis divalidasi

Sangkan mung bisa nyawang kanthi pandengan suwung. Sangkan ora mangerteni sapa Bambang. Pikirane isih polos kanggo ngerteni sejatinig panguripan terminal sing saiki dicibloni. Sangkan mung krungu saka Sukir, sopir colt bensin tanggane Bambang, manawa Bambang kuwi preman. Sangkan uga ora kepingin kejiret urusan sing dudu urusane.

Sakwise kadadeyan kuwi, ora ana maneh bara sing mulih wayah wengi. Kabeh padha ngenteni srengenge mlethek. Sangkan ngrasakne wulu wetune sangsaya sethithik. Dheweke ngalih gaweyan dadi loper roti nalika ana pawongan sing nawani gaweyan kuwi. Saben esuk dheweke wis ngusung loyang, saka toko siji menyang toko liyane nawakake roti, ngganti roti sing uwis wayu nganggo roti anyar, ngusung maneh menyang mobil boks, nampani dhuwit dodolan, nyetorke, lan bali mulih ngrasake turu saka turahan wengi. Awake Sangkan sangsaya gering dibungkus kulit ireng nglakoni dalan urip sing mbok menawa ora nyaman kanggone wong liya.

Kedadeyan nggegirisi kelakon maneh. Darto, kanca lopere, ditemokake ndangak lan sirahe pecah kejedhotan mimis bedhil. Getih isih katon netes nelesi rambute. Sangkan sangsaya keweden mbayangke manawa peluru iku nyasar lan nembus bathuke, nasipe mesti kaya Darto. Aku mesti bakal ndlosor turu amem kecabut kabeh impenku. Sangkan neteske luh kanggo pabela sungkawa marang kanca kenthele.

“Darto mati,” Sangkan nggremeng bola-bali kaya ora percaya marang mripate dhewe, marang irunge kang ngganda arus getih sing nelesi jisime Darto. Sangkan krasa kabungkem, mripate teles nalika wewayangane Darto mbrojol ing pengangen.

Sangkan nyoba mithati urip sing ngglindhing ing bungkusan rasa perih kang ora ana pungkasane. Dheweke ngrasakake saben metu mlebune napas kang kesedhot mung rerupan antaraning urip lan mati.

176 | Antologi Cerkak