Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/188

Kaca iki wis divalidasi

“Ananging, kabeh lak wis pepestene Gusti?” Sangkan takon marang rasa suwung kang ngrangkul kopyoring ati.

“Ananging lak kita diwajibake hijrah tumuju marang prekara kang uwih becik,” guneme maneh kanggo ngukuhne penemune. Sangu kemanteban ing ati, Sangkan nekat bara menyang Pelabuhan Seeko Cilacap, papan panggonan angin panguripan nampek banter. Sangkan owah wujud dadi kucem karana kudu ngecet kilang, ameng-ameng urip ing sak nduwure ombak sing nggoyang prau cilik kang dinggo ancik-ancik. Sangkan kentir ing landhepe panguripan. Kaya buruh liyane, Sangkan urip memper kewan. Anane mung mangan, kerja, turu, mbuwang, lan mbayangne matine mengko mesti ora ana kang ngrewes.

“Aku kudu mlayu saka takdir tumuju takdir liyane,” gre­menge Sangkan karo ngepelake tangan nalika srengenge ngepasi ana nduwur sirah lan dheweke lagi wae rampung anggone mangan awan. Sangkan nekad menyang Jogja. Nekad sekolah guru kanthi ikatan dinas. Sakwise nemahi kadadeyan maneka warna, Sangkan wis kelangan rasa wedine anggone ngadhepi urip. Sangkan wis teteg atine senadyan mengko dibenum ana daerah saindenging Nuswantara kaya kang disebutake ana ing surat perjanjian.

Sakwise rong taun ana jagad pasionanan, nasib apik isih mihak marang Sangkan. Wusanane, Sangkan dadi guru senadyan ana ndesa sing durung ana listrik nanging isih sak kabupaten karo dununge wong tuwane. Sangkan urip ing tengah petani kang menehi piwulang babagan rasa tulus lan eklas anggone nglakoni urip. Sangkan mbaka sethithik bisa ngilangake perihe urip kang nate dilakoni saksuwene iki.

Senadyan ekonomi angel, sakora-orane Sangkan wis entuk jatah beras saka pemerintah. Embuh kaya ngapa wujude bisa kanggo ngganjel weteng lan urip tetep mlaku. Sangkan

rumangsa wis umur lan wis rumangsa cukup kanggo mbangun

Nalika Rembulan Bunder | 177