Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/189

Kaca iki wis divalidasi

bale wisma. Kenya sakampunge sing dadi pilihane. Senadyan dalan rumpil kanggo nggayuh kekarepane, wusanane kenya kuwi dadi jodhone Sangkan.

Sangkan mondhok ing omah kang cedhak karo kantor anggone nyambut gawe nganti nduwe anak siji. Akeh rasa bungah lan susah anggone Sangkan nglakoni urip, nganti dheweke nekad tuku omah ana pinggir sawah. Lesusing urip ora mandheg tekan semono, ananging sangsaya ndadi. Bojone Sangkan lara kanker nganti kabeh bandha sing diduweni entek didol klebu omahe sing lagi wae lunas kanggo ngobatake bojone. Sangkan tetep nyukuri uripe amarga anak-anake wis rampung sekolahe lan wis mbangun bale wisma kabeh. Sangkan saiki miwiti urip anyar kaya dene nalika isih badra jaman nduwe omah anyaran. Manggon omah angsuran nganti kliwat wates umur pensiune, malah taspen sing durung cetha tekane wis digadhang kanggo nyaur utang menyang sedulure.

“Embuh pirang wengi maneh aku bisa ngliwati urip iki,” guneme Sangkan kanthi nyawang secuil mbulan sing nglayari ambane langit. Mripat tuwane isih nrawang adoh nembus irenge langit.

“Senadyan wis kepangan umur, manungsa kudu nduweni impen kareben ora kepedhotan semangat urip,” batine Sangkan. Sirahe diselehne ana mester omah anyar bantalan lengene sing dilempit.

Bojone isih ribet ana pawon nggawe adonan onde-onde wijen sing arep digoreng lan didol sesuk esuk. Sethithik bathine diklumpukake kanggo tambah nempil beras karo lawuh nggon warunge Bu Tarman.

“Gusti, mbok bilih Panjenengan ridho kula nyuwun rejeki kangge nglunasi sedaya sanggeman kula tuwin kangge ibadah umroh,” dongane Sangkan saben byar padhang melek.

178 | Antologi Cerkak