Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi

parikena. Kaya sing ntes dikandhakake iki mau. Nanging, atine Prasojo ora bisa nampa sakumpama Yuni dadi sisihane. Prasojo nganggep yen Yuni iku wis kaya adhine dhewe. Wong ibune Yuni kuwi isih ana tali paseduluran karo bapake Prasojo.

"Ya mengko takicipane, Sembah nuwun aturke ibu. Jeng Yun kok wis dandan rapi? Iki mau tindak mrene mampir apa ana keperluwan liyane?" pitakone Prasojo.

"Karan cah wadon kaya aku iki ta, Pak Pras, ya nek sore kudu pinter nata raga nata busana. Pamrihe, mbok menawa ana jaka sing kersa nyandhing tresna. Kaya Njenengan iku Iho," tembunge Yuni.

Prasojo krungu tembunge Yuni ngguyu kemekelen, Tangan kumlawe arep njiwit Yuni, sing arep dijiwit endha mlebu omah, Kaya patrape bocah padha oyak-oyakan ana njero omah.

***

Dina Senen bubar upacara, Prasojo wis tata-tata nyiapake piranti kanggo mulang. RPP, buku jual, buku presensi, lan diktat wis ditata tharik-tharik, Lagi wae arep jumangkah menyang kelas ndadak Prasojo ditimbali Pak Budi, kepala sekolah, jare ana sing arep dingendikakake, Prasojo nyuwun palilah maringi tugas dhisik marang bocah-bocah.

Bubar menehi tugas, Prasojo gita-gita lumaku menyang ruang kepala sekolah. Tekan ruang kepala sekolah, Pak Budi ora katon ing njero ruangan. Neng kono malah wis ana priyayi putri nganggo klambi Korpri kaya sing dinggo Prasojo. Sajake priyayi putri kuwi profesine uga guru. Nanging, sing dadi pitakone Prasojo, guru saka ngendi. Umpama guru ana kecamatan kono, Prasojo mesthi wis nate ngerti sabab dheweke dadi guru inti sing

sok paring sesuluh marang guru-guru ana Forum Kelompok Kerja Guru. Nanging, dieling-eling nyatane durung nate wawuh lan tambuh, Prasojo dhehem ben ora gawe kaget karo priyayi putri iku. Bareng tumoleh, iba kagete Prasojo weruh citrane

8 | Antologi Cerkak