Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/190

Kaca iki wis divalidasi

“Mbok menawi donga kula menika lucu kagem Panjenengan ananging kula pitados rejeki badhe Panjenengan paringaken saking panggenan ingkang mboten kula kinten-kinten,” guneme Sangkan luwih nggelengake dongane.

Wonogiri, 2020


Didit Setyo Nugroho, lair ing Wonogiri, 13 Juni 1962. Puisi lan cerpene kasebar ing pirang-pirang media massa, kayata Suara Merdeka, Majalah Trubus, Talenta, Keluarga, Bobo, Kawanku, Solopos,

Parikesit, Penjebar Semangat, lan Jaya Baya. Pitung buku cergame kang diterbitake Tiga Serangkai Internasional disimpen ing Perpustakaan Negara Singapura (NLB Singapura). Cerita anak mlebu ing kumpulan Cerita Anak-Anak Asia Pasifik. Taun 2013 kumpulan puisi Opera Tanah Liat diterbitkake dening Triken Publishing. Taun 2017 kumpulan geguritan Sak Rose Cathetan Sore diterbitake dening Erlangga, Jakarta. Taun 2018 novel anak Tamasya ke Masa Silam diterbitake dening Media Guru Surabaya. Taun 2019 kumpulan puisi Berhenti Menghitamkan Angin diterbitake dening Triken Publishing. Taun 2019 mlebu ing daftar Apa dan Siapa Penyair Indonesia. Saiki penulis dumunung ing Jalan Gatot Subroto 87, Wonogiri 57612. Profesine dadi guru ing SMP Negeri 1 Wonogiri. Handphone/ whatsapp 085803305677, pos-el didietsetyo@yahoo. co.id.

Nalika Rembulan Bunder | 179