Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/191

Kaca iki wis divalidasi
Nandhang Pagebluging
Malem Lebaran
Widyo Babahe Leksono

Yen wong pesisir Jepara ngarani segarane tedhuh utawa lembek. Tegese, angine sribit-sribit. Ora patia banter. Kejaba kuwi ombake ya anteng. Banyu segara kaya-kaya ora obah. Meneng. Babagan ngono kuwi kanggo tandha utawa titenan para nelayan. Becik tumrape kanggo golek sandhang pangan. Yakuwi nglaut utawa golek iwak nyang laut. Ora maido kahanan kaya ngono kuwi, ing sakiwa-tengene segara lor, akeh prau-prau pating sliwer.

Banget seneng anggone golek iwak, kadhang kala ana nelayan sing mbablas ngalor. Tekan Pulo Karimunjawa. Nanging ora aji mumpung. Bedane nelayan karo tani ing kono kuwi. Loro-lorone padha duwe petung. Petunge wong tani yen mleset, tandurane utawa asil panene ora kaya sing dikarepake. Mung tanduran toh-tohane. Seje karo nelayan. Toh-tohane nyawa, merga angin lan ombak, kadhang teka tan kenyana.

Legon Kembang, sarampunge bedhug Asar ketok rame. Siji mbaka siji, nelayane padha neka. Papan panggonan sandhare prau nelayan desa Kembang, kepetung cukup rapet. Iku mertandani yen isih akeh, warga sing penggaweane golek iwak. Mbeke sing nyandharake utawa nalekake prau ing kono, ora kabeh praune warga Desa Kembang. Klebu Darman sing kepetung warga njaba Desa Kembang.

“Lha iki, kok ana praune wong Jungwatu ngalang-alangi. Entuk digulingna apa ora?” pocape salah sijine nelayan, sing

180 | Antologi Cerkak